Kaca:Murkane Ibu.pdf/136

Kaca iki durung katitiwaca

Lebar kui kanca-kancane ngrasakke masalah sing diadepi Tulus jebul ya abat, sak jane ya tulus ara kurang apa-apa ning kok yo ora kurang cobane. Banjur padha ngajokke surat permohonan nek apa yaTulus di angkat, ning nek ora ya rapapa idep-idep kanggo “sure prize” muritmurite ya ngandakke yen Pak Tulus kui guru sing nek mlang, wulangane cepet ditampa.

“Wis awake dewe nggari nengenteni amplop yen ditampa alhamdulillah, ora ya wis!.” Nanging akeh sing ngraskke selot suwe Tulus saya lemes yen menyang skolah. Karang ana sing nyurung kadi mburi ya ora pati-a ketok. Murite ya tau kanda karo Tulus

“kok radi lemes pak, enten napa?”

“Ora papa mung mau ora sarapan wae!”

”O..., nggih empun nek ngoten!”

“Ketok lemes paya aku ki kok okeh sing ngandakke!” pitkone marang awakke dewe.

Wis ana setahun kanca-kancane njalok ke SK sak jroning se- tahuniki Tulus wis pesimisyen deweke nguculi pangkat ge te te. Sak umpama pancen ora ketampa ya wis, Tulus wis kebal yen ra di tampa. Yen umpama metu saka dadi ge te te kae Tulus ora bisa ngemek ga- wean liyane, isane ya ming sak mono kuwi. Ora letsuwe ana petugas sing ngeterke surat biasae. Banjur nyeraki Tulus pak niki enten surat, Tulus ya nrima yanganggorasa ndredek arepa wis biasane mbukak surat kaya ngono. Jebul udu surat keputusan, ning surat izin.

“Surat izin ta pak?”

“O..., nggih, kesupen kula dereng ngendikake nek niku surat izin anak kula!”

Lebar kui mbalik Tulus mbalik ana ing ruang guru ujug-ujug ana surat ndrengkuh-e surat biasa banjur diwaca jebul Tulus di tampa. Kanca-kancane ya pada seneng, Rampungsaka sekolahan banjur ngandakke marang Astutik.

“Wis yuk kapan mas?”

“Mengko sikik wis gampang.”

“Aku durng kanda karo Keluargaku.”

“Gek kandaa sik mas.”

Age -age bali ana ingngomah nganani bapak, simbak, karo adi- adine. Malah ora da nang ngomah, terus takon karo tanggane. Jebule da nang rumah sakit bapakne lara. Tulus nututi menyang rumah- sakit nganggo pite sin wis krak-krek. Ana ing rumah sakit terus

> “Murkane Ibu” ee 187