Kaca:Murkane Ibu.pdf/138

Kaca iki durung katitiwaca

Reca

Ami Korniawati SMA Negeri 1 Wates, Kulonprogo

kd

Kesan segara madu, unen -unen iiku pas banget kanggo uripe ang Madya. Yen biasane macul ana ing sawahe juragan Bata lan dadi buruh kedhuk sumur melu juragan Tirta, saiki gari the- nguk-thenguk ing kursi utawa nggelar klasa, dhuwit wisteka, san- dhang pangan ra kurang lan awak ya tansah kepenak.

Pancen penak tenan uripe Kang Madya saiki. Omah gebyok kamar telu, lawang siji kuwi saben dina ditekani wong sadesa awit saka bocah cilik- cilik nganti wongtuwa, enom-tuwa, lanang-wadon padha banyu mili ngebaki omahe Kang Madya, kepara malah pejabat kalurahan padha merlokake sowan ing omahe Kang Madya. Saben-saben wong teka ditarik dhuwit 2.000 kanggo tiket mlebu omaheKang Madya. Mula ora gumun yen Kang Madya bisa diarani wong kang kabanjiran segara madu.

Wong-wong kang banyu milikuwi mau arep mbuktekake kabar anyar kang lagi dadi catur gunem paling santer ing desa Catur- kaneka. Miturut kabar kuwi, jarene Kang Madya nemu Reca. Reca mau ditemu nalika Kang Madya gawe sumur ing buri omah anake lanang, Bambang, Prasasat kaya banyu mili, Kang Madya uga di- tekani wong-wong saka liya desa, uga para wartawan- wartawati saka ariwarti lan tivi kang arep golek informasi.

“Sugeng Pak, kula wartawan saking ariwarti Budaya Jawi, ke- parenga nyuwun pirsa pripun Bapak saget nemu reca menika?”

“ Wektu awan dina Kemis Legi kuwi aku rak macul gawe sumur ing buri omah anakkku lanang, Bambang, Wektu kuwi ya

> “Murkane Ibu” ee 129