Kaca:Murkane Ibu.pdf/139

Kaca iki durung katitiwaca

wis oleh telung meteranlah jerone, kokujug- ujug paculku nggadhuk watu “mak slontheng 7, banjur ana cahya putih metu “mak penco- rong”. Aku kaget banget, banjur aku mentas lan nyeluk Bambang, Kang Gower, lan Kang Kasrib kang lagi padha rolasan ing papan cerak kono.”

“Tak critakkake apa kang wus tak lakoni nanging kabeh padha ora percaya.”

“Ah kowe ki ana-ana wae kang, paling-paling ya mung watu! Apa meneh yen dudu watu! Aneh-aneh wae kowe ki Kang ..., Kang!” jawabe Kang Gower.”

“Yo wis yen ora percaya, ayo padha nyeblung melu aku

“Aku, Kang Gower, lan Kang Kasrib padha nyegur ana ing jogangan kang jerone telung meter kuwi. Wusanane wong loro mau banjur padha percaya lan kabeh padha ngupaya ngedhuk kanggo njupuk barang mau. Kanthi tenaga kang rosa lan ati kang manteb, kabeh padha ngedhuk luwih jero maneh. Wusanane barang mau wus ketok kanthi cetha. Jebul barang mau awujud reca buta kang dhuwure sak dhengkul kang lagi nggoceki penthung,”

“Aku Kang Gower, Kasrib, lan Bambang padha narik reca mau kanthi tenaga kang rosa, nanging reca mau ora gelem obah sak imit- imita. Rasane abot banget, obah wae ora aja maneh bisa kaangkat.”

“We lha, reca kok aneh tenan ya .... Wong telu sing ngangkat ora obah blas ..., iki reca apa ta iki, sajake sepele, cilik, lan ketok entheng, ning kok abote rajamak-jamak!” sambate Kang Kasrib

“Wusanane wong loro mau banjur padha munggah merga keke- selen. Aku isih penasaran bangetmarangreca mau. Aku nyoba ngang- kat reca mau. Tak goceki awake tak junjung mak Tegedeeeek” reca mau bisa tak angkat Aku ing jero bengak- bengok seneng banget.”

“Kang Wer, Mbang, Srib ndhenea recane wis bisa tak dhu- dhut.”

“Hoooooaaaaaaaaa!” wong telu mau pucet raine, bingung lan gumun nginguk aku ing jero sumur.

“Nah menika sedherek-sedherek wartawan-wartawati proses anggonku nemu reca mau.” jelase Kang Madya marang para warta- wan-wartawati.

Awit saka nemu reca buta mau Kang Madya dadi headlime ing ariwarti-ariwarti lan mlebu siaran ing tivi. Kejaba para wartawan, uga akeh para sejarawan kang padha neliti reca mau.

4


180 = Antologi Crata Cekak ee.