Kaca:Murkane Ibu.pdf/14

Kaca iki wis dikorèksi

“Ana apa ta Kak, Ri? Kok ngedgeg-dhegi 10, sajak wigati banget?” Isti katon kebingungan.

“Ngene lho Is, aku mau esok ki oleh layang. Wigatine layang kuwi, ana wong sing ngajak gelut ngono!” wangsulane Ari.

“Wah tenan po piye? Banjur kok ana bocah sing wani-wanine ngajak gelut? Sapa Ri?” pitakone Isti.

“Tenan Is, sing ngajak gelut ki biyen wis tau gandheng karo Arga, kae lho, sing sok kaya ayu-ayua dhewe. Ngerti ta kowe?” wangsulane Ekak.

“O...,Fista pa? Iya pancen dheweke biyen wis tau cedhak karo Arga, ya aku ngerti kok. Terus kapan le gelut? Neng ngendi?” wangsulane Isti.

“Saiki, cahe ngajak gelut ana ing kampus kae lho! Piye pelem melu gelut ora kowe Is?” wangsulane Ari.

“Saiki ta! Wah gelem bangetaku Ri, tanganku ya wis gatel wis sauntara wektu ora gelut je! Ya ayo ndang ditandangi Ri”, Isti sarujuk.

Bocah wadon telu mau banjur numpak bis. Ari, Ekak, lan Isti arep marani bocah sing ngajak gelut neng kampus. Bocah telu mau padha crita-crita. Ora let suwe wis tekan ana papan kang dituju. Sawise mudhun saka bis, Ari, Ekak, lan Isti banjur mlaku menyang kampus. Neng ndalan Ari sms Arga ngandhani yen dheweke kudu neng Kampus. Tekan kampus, Fista, mungsuhe mau durung teka, wong telu mau banjur pada omong-omong karo ngenteni mungsuhe lan uga ngenteni Arga. Ora let sedhela wae, mungsuhe gelut wis teka.

“Ri, wah kae Ri mungsuhe awake dhewe wis teka!” Isti ngandani Ari.

“Wah iya kae” wangsulane Ari.

“Ben...! Nengke wae dhisik arep dha ngoceh apa?” wangsulane Ekak.

Mungsuhe wis ngadeg neng ngarepe Ari, Ekak, lan Isti. Saka mungsuhe ya nggawa bala wong loro kanca-kancane tilasane Arga.

“Heh, sing rumangsa nduwe jeneng Ari endi?” Fista takon nglekasi sulaya.

“Wah kok dha meneng wae ki? Yagene dha wedipa ya?” kancane Fista ngece.

“Murkane Ibu”

5