Kaca:Murkane Ibu.pdf/140

Kaca iki durung katitiwaca

Para sejarawan mau beda -beda pamanggihe marang seluk- beluk, mula bukane reca mau. Ana kang duwe panemu yen reca mau tinggalane wong Budha jaman biyen lan sapanunggalane.

Kejaba para sejarawan uga akeh para pengusaha-pengusaha lan kolektor- kolektor padha ngenyang reca mau. Ana pengusaha kang ngenyang reca mau rong yuta . Ana uga kolektor kang wus saking senenge merga recane unik tenan banjur ngenyang patang yuta. Nanging Kang Madya oranampanyang-nyangan mau amarga wis dipenging karo anake lanang kang isih sekolah ing bangu SMA kelas telu.

Miturut anake Danar, Kang Madya ora oleh ngedol reca kuwi marang samubarang wong kang ngaku kolektor utawa pengusaha | Awit ing jaman kang tansah bubrah tatanane iki akeh para pihak kang ora duwerasa tanggung jawab lan rasa tresna marang bangsa kanthi ngedol barang-barang kabudayan lan bersejarah awujud reca, patung, lan barang bersejarah liyane. Wong-wong mau padha nukoni barang-barang kang nduweni nilai sejarah kanti rega kang murah lan ngedol barang mau ing manca nagara kanthi rega kang dhuwur, kepara malah wong-wong mau nyolong nylundupake ba- rang bersejarah saka musium. Ora gumun yen saiki akeh bangetreca- reca lan barang sejarah saka musium kang padha ilang paribasan kaya kapangan jagad.

Danarmrayogakake reca mau dipasrahake marang pamarintah wae supaya disimpen ana ing musium sejarah, awit saka iki Danar duwe pangarep-arep reca kuwi bisa tetep lestari tekan besuk.

“Pak dipun emut-emutnggih..., reca ampun dipunsade dhu- mateng sinten kemawon, benjang dipun aturaken dhateng kantor kabupaten kemawon!”

“Ya...,Narakumanut pramayogamu, kana gek mangkatsekolah mengko dhak selak telat! Sing pinter ya Ngger anggonmu sekolah!”

“Ngih Pak!” jawabe Danar sinambi nggenjot sepedane kanthi manteb lan rasa sumringah.

Awan kuwi watara jam 12.00 ana Honda jazz warna silver kang mandheg ana ing ngarep omahe Kang Madya. Penumpang metu kabeh, jamlahe ana papat, kejaba sopire. Priyayine kakung ana telu lan wadon ana siji. Agemane necis, sepatune disemir gilap-gilap, lan padha ngagem jas ireng tambah dasi, sajake priyayi terhormat lan priyayi kantoran.

> “Murkane Ibu” ee 131