Kaca:Murkane Ibu.pdf/141

Kaca iki durung katitiwaca

Sawise ndelok recane kang Madya, jebul wong- wong mau ya mung padha karo pengusaha lan para kolektor liyane. Wong- wong mau arep nuku recane kang Madya. Kang Madya lan para wong- wong mau banjur padha nyang-nyangan rega. Ing ati Kang Madya tetep pengkuh nyekel wekase anake lanang, nanging para pejabat mau tetep mbujuk lan ngrayu terus supaya Kang Madya ngedol recane. Kang Madya banjur bingung dheweke, paribasan kaya ma- ngan woh simalakama, yen orangedol recane, atine bakal gela marga kelangan kesempatan oleh dhuwit kang akeh, nanging menawange- dol recane, Danar anake bakal kuciwa marang bapakne marga bapakne wus cidra ing janji, ora bakal ngedol recane.

“Pripun, Pak, menika penawaran kang pungkasan pitung yuta rupiah” wong kang ngaku jenenge Subandi mau ngenyang marang kang duwe reca.

“Wah nyuwun ngapunten nggih Bapak-bapak lan Ibu reca menika tetep boten kula sade.” jawabe kang duwe reca

“Wah..., pripun ngbih Pak. Kula menika diutus kaliyan pihak kabupaten supados numbas recanipun Bapak. Menawi boten kepa- reng lajeng kepripun? Kula menika utusan Negara lho, Pak. Bapak boten sah kuwatos menawi kula apusi! Kula boten gadhah niyat kangge nyilakani utawi ngapusi Bapak kok. Saestu niki, Pak. Kula mboten goroh kula. Yakin!”

“O..., dados Bapak menika utusan saking Kabupaten ta? Lha Bapak kok boten ngendhika awit wau? Kula dadose rak boten kepe- nak ta, niki.” jawabe kang Madya kanthi rai abang merga isin. “Ngih, Pak leres, kula menika petugas kabupaten. Lha menika kartu anggotanipun, sumangga Bapak pirsani!” wong mau nuduh- ake kartu anggotane.

ang Madya bisane ya mung mathuk-mathuk marga dheweke ora bisa maca.

“Pripun Pak pitung uuta lho Pak, eman menawi boten dipun tampi .Pun ta dipun tampi mawon.”

“Wah iya-ya Danarrak arep nerusake kuliyah ing Gadjah Mada mesti wae butuh ragat kang akeh, tur wae wingi Danar wis njaluk laptop, tur aku ngedol reca iki ya wus bener kok leh ku ngedol ing pamarintah. Yoh..., yoh tak tampa wae.” mangkana batine kang Madya ing jero atine.

“Pripun, Pak saged dipun tampi?”

“Nggih kula tampi.”



182 > Antologi Crita Cekak ee