Kaca:Murkane Ibu.pdf/142

Kaca iki durung katitiwaca

“Lha, rak ngaten, Pak” wong papat mau katon sumringah ba- nget atine.

Wong papat mau banjur njaluk tanda tangan kang Madya, nanging amarga kang Madya ora bisa tanda tangan, kang Madya banjur cap jempol ing kertas bermaterai kuwi mau.

Wusanane, recamau diangkat lan dilebokake ana ing mobil, sade- la wae Honda Jazz mau wus mlaku ninggalake omahe kang Madya.

Dene kang Madya sanajan wus oleh dhuwit kang akeh , atine ora tentrem, dheweke ngalor-ngidul mbanda tangan lakune kaya Panembahan Senopati kang lagi bingung arep perang. Pikirane kuwur, jantunge gemrodhok . Wedi yen anake ora bisa nampa tu- mindhak kang wus dilakoni.

Oralet suwe, Danar anake bali saka sekolah. Dheweke banjur mlebu saka lawang buri. Dheweke bingung merga ora meruhi ma- neh reca kang mau esuk ngadhek jejeg ing sandhing lawang, Pikira- ne sansaya bingung weruh bapakne mlaku ngalor-ngidul, wusanane bapakne kang lagi mlaku ngalor ngidul mau diceluk.

“Pak, Pak! Recane wonten pundi pakk?” Danar bingung,

“Lha, Ya, wis dak dol!”

“Dipun sade kaliyan sinten Pak? Danar penasaran.

“Ya mau ana sing ngaku utusan kabupaten!” jawabe bapakne manteb.

“Rasukanipun menapa pak?”

“Ya mau nganggo jas ireng, Lha kayane wong kabupaten temenan wong nduduhake kartu anggotane barang kok!”

“Wadhuuuuuh, Pak! Kuwi sanes petugas kabupaten. Yen din- ten Senin rasukanipun petugas kabupaten menika coklat Pak!”

“Wah, yen ngono bapak kapusan iki!” pitakone bapakne Danar kanthi rai pucet lan bingung,

“Lha, nggih Pak. Bapak sampun kapusan. Pripun ta Pak, Pak!

“au dipun tinggali kertu identitas napa mboten Pak?”

“O..., iya. Lha kae isih anaing meja ngarep.”

“Alhamdulillah, syukur!” Danar mlayu ing meja lan njupuk kartu identitas mau.

Hooooaaaaaaaaa!” Danar njerit

Iki rak sing lagi dadi buronan polisi kae..., iki rak wong sing nylundhupake barang bersejarah saka musium kae. Iki-ki, wah..., wah jan nyemelangi temenan iki..., nyemelangi...!”

[4

> “Murkane Ibu” ee 133