Kaca:Murkane Ibu.pdf/143

Kaca iki durung katitiwaca

“AnaapaNar, kowe kenal karo wong kuwi?” pitakone bapakne.

“Mboten Pak, tiang menika buronan Polisi, kang gambare asring wonten ing internet!”

“Wah, yen ngono blai temenan ya, iki!”

“Lha nggih. Wau sami nitih menapa, Pak?”

“Mobil rada putih”

“Ngalor napa ngidul?”

“Ngalor.”

“Yenngaten nyuwun pamitsaha pangestunipun ajeng kula tututi!”

“O..., ya, yen ngono ngati-ati yo, Le.”

“Nggih Pak!”

Danar banjur ngampiri Edi kang duwe pit montor. Wong loro mau banjur ngoyak mobil kang wus nuku recane.

“Miturut kartu identitas iki yen ora salah omahe ana ing Jalan Durnaganti 23. Kowe ngerti apa ora, Di?”

“Ya rada ngerti aku, wis tau ndhana ning nggone kancaku.”

“OO. Ya wis yen ngono ayo rada cepet. Muga-muga kertu identi- tas iki ora salah!”

Rong jam numpak pit motor, wusanane Danar lan Edi wus tekan papan kang tinuju. Ing sakiwa tengene dalan kuwi omah pendhu- duk arang banget. Mula Danar banjur thingak-thinguk golek omah kang ana mobil warna silver.

“Stop-stop! Di iki omahe sing dak goleki!”

“Jan-jane, kowe arep ngapa ing omah iki ta, Nar?”

“We, lha dalah! Kowe durung ngerti ta, Di?”

“Kene-kene dak kandani!”

Danar banjur ngandhani Edi. Sedhela wae Edi wus ngerti. Sawise kuwi wong loro mau banjur nyusun rencana kanggo ngrebek para penyelundhup mau.

“HP-mu wis siap ta, Di. Mengko yen wis kabukten SMS kuwi banjur langsung dikirim wae ing nomer kantor Polisi! OK!”

Danar karo Edi banjur mlaku thimak-thimik golek dalan kang- go mlebu. Alhamdulilah, lawang buri ora dikancing, Wong loro mau banjur mlebu alon-alon lewatlawang buri. Ing sajerone omah kuwi, wong loro mau mung klesik-klesik anggone omongan.

“Alon-alon, Di iki bahaya banget yen nganti konangan!”

Mak gragap raine Danar. Dheweke weruh sing duwe omah . Pancen bener sing duwe omah kuwi sing wis nuku recane bapakne.

184 = Antologi Crata Cekak ee.