Kaca:Murkane Ibu.pdf/144

Kaca iki durung katitiwaca

“Di saiki tersangkane lagi thenguk-thenguk karo komplotane ing kamar ngarep.”

O..., terus saiki awake dhewe ngapa?”

“Saiki, awake dhewe golek bukti yen sing duwe omah iki para penyelundhup barang sejarah.”

Danar maca ing sandhuwure lawang ana tulisane ruang raha- sia.

Di ..., iki paling ruangan kang kanggo nyimpen barang- barang colongan. Ayo gek mlebu!”

Kanthi laku alon-alon Danar bukak lawang kuwi.

“Lha, rak tenan ta! Ruangan iki kang kanggo nyimpen barang- barang colongan mau.”

“Bener, Nar! Syukur barang-barang iki durung didol. Walah- walah iki rak patung -patung kang diberitakake ilang ing internet kae. Jebul malah ana ing kene!”

“Bener, apa kandhamu. Patung-patungiki wus suwe banget ana ing kene, delengen ta wus kebak sawang! Aku ngasi arep wahing,”

“Wis yen ngono gek dikirim SMS-e, aku selak ora sabar ndelok pelakune dicekel polisi!”

“Yoh ....Nariki wis dak kirim SMS-e. Ayo gek metu saka kene megko selak konangan! Ning didelok dhisik wis aman apa durung?”

“Wadhuuuh, gawat! Ana sing arep ndhene, ayo cepetndelik!”

Danar lan Edi banjur ndelik ing buri reca gedhe.

“Teplok..., teplok, ngee...k, keprungu suara lawang dibukak. Wong lima gedhe-gedhe banjur mlebu ana ing ruangan mau. Banjur padha ngangkati reca-reca mau menyang jero truk tronton gedhe.

“Wah, bilahi tenan iki. Awake dhewe kejebak ana ing kene, ning ora papa polisi sadela maneh bakal teka!”

Nanging Danar lan Edi padha keweden jalaran SMS durung tekan. Kamangka wong lima mau wus padha siap ngusungi reca mau manyang luar negeri. Siji baka siji reca mau wus kapindahake ing trek tronton. Kurang 10 reca maneh kang durung dipindahake.

“Bilahi ..., bilahi tenan iki Di. Sadhela maneh awahe dhewe bakal konangan!”

“Tenang Nar...., SMS-e wis tekan kok , Polisi sadela maneh bakal teka!”

“Wadhuuh .... Yung alaaah, sikilku dientup kalajengking!” Edi ujug-ujug njerit.

> “Murkane Ibu” ee 135