Kaca:Murkane Ibu.pdf/145

Kaca iki durung katitiwaca

“Stttt ora seru-seru, mengko ndak konangan!”

“Huu..., huuu..., sikilku lara tenan, iki Iho dientup kalajeng- king, dhasar kalajengking sialan!”

TSUt..., stttt meneng-meneng, ditahan dhisik!”

“Ho, ya..., yaa... ! Konangan kowe thuyul-thuyul. Padha ngapa kowe ing kene, haaa!”

“AK... ak..., aku....” Danar lan Edi wus ora bisa omongan ma- neh sajak kaya orong-orong kepidhak.

“Kanca-kanca padha ndhenea, iki ana thuyul kang njaluk

mati.


Sadhela wae kompolotan mau wus padha ngrubung Danar lan Edi. Wusanane Edi lan Danar konagan yen ndhelik ana ing kono. Merga ana anggota penyelundhup kang krungu jeritane Fdi mau. Edi lan Danar banjur dibekep awake ditali nganti ora bisa obah saimit-imita. Dheweke uga ora bisa nyuara amarga disumpel ngan g- go gomballan disolasi nganggo lakban. Edi lan Danar dicemplung- ake ana ing jogangan jero. Edi lan Danar ya mung bisa hungkak- hungkek lan dedonga muga-muga Polisi gelis anggone teka. Wusa- nane Polisi teka lan para penyelundup kuwi mau kecekel. Ana kang ngupaya mlayu nanging Wusanane padha kecekel kabeh. Danar lan Edi uga gelis ditemokake. Wong loro mau banjur weneh katrang- an marang polisi.

Awit saka kadadeyan kuwi pamarintah banjur paring pakur- matan marang Danar lan Edi. Wongloromau diwenehi hadiah awu- jud beasiswa kuliah gratis nganti jenjang S1. Wah pancen kulawarga- neKang Madya ing tahun ini lagu kutahan dobel segara madu.

Kek

Ami Korniawati, lair nalika tanggal 1 Desember 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Negeri 1 Wates, Jalan Terbahsari 1, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773067, agamane Islam, omahe anaing Gunung Gondang, Margo- sari, Pengasih, Kulon Progo, hapene 085643198345, kese- nengane maca dan nulis iki nduweni prestasi Juara ||| Lomba Menulis Cerkak SMA Se-Kabupaten Kulon Progo Tahun 2008.


186 = Antologi Crata Cekak ee.