Kaca:Murkane Ibu.pdf/15

Kaca iki wis dikorèksi

“Wis kesel-kesel diparani jebule dha wedi, mung meneng wae. Mbuwang-mbuwang wektuku wae Ta!” Sita kancane Fista tansah melu-melu.

"Iya .....! Bener kuwi, cen dha wedi iki sajake!" wangsulane Fista.

Rombongan Ari wis ora sabar arep gelut karo rombongane Fista

“Wis..., wis dha rampung leh mu ngoceh!?” wangsulane Ekak

“Yen kowe mau takon endi sing jenenge Ari, mangertia ya aku sing jenenge Ari. Saiki karepmu ngajak apa kowe?” wangsulane Ari.

“Walah, walah! Kowe ta sing jenenge Ari? Gene mung kaya ngene wujude kok bisa-bisane Arga milih kowe tinimbang aku? Apa nganggo aji pengasihan pa piye?” wangsulane Fista.

“Heh! Lambemu isa meneng pa ora? Nek ra isa ndhene tak jejeli sandhal!” Ekak melu nyaut.

“Wis Ta gek dirampungke wae!” wangsulane Ira.

“Ayo! Kene, yara wedi. Ayo Ri maju wae siji lawan siji wangsulane Ekak.

“Oke, Kak!” wangsulane Ari karo mlaku maju marani Fiska.

“Ngapa? Arep tak tapuk piye maju barang ki!” wangsulane Fiska.

Ari mung meneng wae, nanging sawise Fista rampung anggone ngomong mangkono mau Ari banjur napuk Fista.

“Paaaak...! Rasakna iki, piye njaluk maneh apa uwis?”

Durung wae Fista mangsuli, Ari wis napuk pipi sing tengen “Paaak ....! Piye puas durung? Apa isih njaluk meneh?”

“Uwis... uwis. Kapok aku uwis! Aku njaluk ngapura ya karo kowe, amarga aku wis ngganggu tetepunganmu karo Arga” Fiska ngaku kalah karo Ari.

“Wah gene mung semono ta? Gayamu wae kaya ampuh-ampuha dhewe! Mung lambene thok wae nggaya!” wangsulane Ari.

“Yen dheweke ki RI mung menang lambene. Gaya wae selangit” Ekak nyaut.

“Uwis ta aja di ungkit-ungkit maneh. Aku karo kanca-kanca njaluk ngapura ya!” wangsulane Fista.

Seko kadohan Arga wis ketok. Dheweke mung dhewe ora ngajak kanca. Arga banjur nyedhaki Ari lan Fista.

6

Antologi Crita Cekak