Kaca:Murkane Ibu.pdf/16

Kaca iki wis dikorèksi

“Lha, iki ana apa ta? Kok ana kowe barang Ta?” Arga kaget.

“Kuwi takon karo mantanmu kuwi!” wangsulane Ari.

“Ta, ana apa tenane?” pitakone Arga.

“Ora ana apa-apa kok” wangsulane Fista.

“Wah pinter banget kuwi le ngapusi!”, wangsulane Ekak.

“Cen. Pinterle ngapusi” wangsulane Ari.

“Hah, ...!Iki ana apa ta jan-jane?” Arga nakoni Ari lan Fista.

“Kuwi lho Ga, Fista ki ngajak gelut Ari. Dheweke ditapuk Ari pindho, wisngaku kalah, ngono wae sok nggaya” wangsulane Ekak.

“Eh, kabeh sing ana kene rungokke ya! Aku karo Fista wis ora ana apa-apa maneh! Wis, saiki wis rampung, gek bubar! Ayo bubar!” panggetake Arga.

Sawise Arga muni mangkono Fista karo kanca-kancane banjur bali ninggalake kampus. Ari lan Arga ya dadi rukun meneh kaya sadurunge. Tetepungane tambah rukun lan apik-apik wae, ora ana masalah apa-apa.


Rina Anjarwati, lair ing Kulon Progo, 17 Desember 1992, siswa SMK PGRI 1 Sentolo, Jalan Raya Sentolo km 18, Sentolo Kulon Progo, nomer telepon sekolah 08156860423, agama Islam, mapan ing Semen, Sukoreno, Sentolo, Kulon Progo, nomer HP 087839886127, nduweni kesenengan maca.

"Murkane Ibu"

7