Kaca:Murkane Ibu.pdf/19

Kaca iki wis dikorèksi

“Pak, apa Sampeyan ora isa ninggalake panggonan ngadu jago kae, wong lanang kok mung ngekep dhengkul!”

“Bu, isa meneng ora lambemu! Anggepmu aku iki nikah karo kowe merga apa? Ngertiya ya, aku gelem dadi bojomu kuwi..., merga dhuwit! Tresnaku karo kowe kuwi mung tresna dhuwina, alias tresna merga dhuwite ana. Mulane pikiren Bu, pikiren!”

Bu Hasnah banjur eling saka ngalamune. Sak uwise kuwi Bu Hasnah ora bali, nanging lunga ing daleme ibune.

“O, alaaaah Ndhuk, nasibmu kok le nelangsa, biyen rak wis tak kandhani yen aja gelem dadi sisihane Rudi, cah kere kang nganggur, bocah kang ora duwe welas asih, lan bocah kang seneng gawe rekasaning liyan kae!”

“Bu, sampun Bu. Kula sak niki banjur kudu kepripun?”

“Ngene ya Ndhuk, gandheng kadadeyan iki wis klakon, saiki isane ya kowe mung sing sabar wae, yen pancen bojomu tresna karo kowe ora merga bandha utawa tresna dhuwina. Mengko bojomu ya bakal eling yen tumindake kuwi ora becik.”

Bu Hasnah banjur mulih. Ing dalan dheweke mikir, muga-muga yen wis tekan ngomah Pak Rudi wis ora nesu-nesu kaya biyen rikala isih manten anyar. Nanging ora ngira lan nyana, yen tekan ngomah Bu Hasnah bakal meruhi kalakuane bojone kang ora ngenaki mata, pikiran, lan jantung. Bu Hasnah kaya mlebu neraka kanthi geni mongah-mongah lan atine kaya diiris-iris ngan ggo arit kang landhep bar diasah. Pak Rudi ing ngomah jebulane nggawa wong wadon kang ora cetha asal-usule. Apa nemu ing dalan? Apa pancen sengaja golek?

Bu Hasnah banjur mumet sirahe. Dheweke njupuk ariting pawon. Bu Hasnah kang panas atine kuwi ngomong sak karepe dhewe.

“Pak...! Apa kelakuanmu kuwi pantes lan apik yen diconto anak-anakmu?”

“Bu, kowe kuwi saka ngendi, apa ora eling saiki wis jam pira? Pancen bener kowe kuwi bojo kang ora migunani!”

Bu Hasnah kang kaget karo ucapane sing lanang banjur saya teteg anggone arep nggunakake arite kuwi. Pak Rudi kang lagi mabuk katresnan ora sadhar yen Bu Hasnah nggawa arit kang bisa wae mateni dheweke. Bu Hasnah nyeraki bojone karo nggenggem arit sing wis siap kanggo mateni Pak Rudi.

“Pak, kowe tega tenan karo aku lan anak-anakmu. Dhak pateni kowe. Aku wis sayah-sayah nyambut gawe jungkir walik kanggo

10

Antologi Crita Cekak