Kaca:Murkane Ibu.pdf/20

Kaca iki wis dikorèksi

nerusake uripe awake dhewe, nanging Sampeyan malah nglarani jiwa ragaku, mati kowe, Pak!” omong kaya mangkono, Bu Hasnah banjur arep nuncepake arit sing ana tangane. Nanging, sadurunge arit kang landhep tumancep ing gulune Pak Rudi. Pak Rudi isa ngendhani lan mlayu ngeplas tanpa tujuwan kang jelas. Weruh Pak Rudi mlayu, Bu Hasnah banjur ngoyak Pak Rudi nganti tumeka ana ing sapinggire jurang. Tanpa dipikir maneh, dhasar pikirane Bu Hasnah lagi kalap amerga dilarani atine, Bu Hasnah banjur mbabat gulune Pak Rudi.

“Bu..., gu... gu... lu... ku. Adhuuuah...,gu... lu... ku..., Bu!” sambate Pak Rudi karo ngampet lara. Pak Rudi sempoyongan.

Kanthi getih kang mili, Pak Rudi sempoyongan ana ing pinggir jurang, gandheng saya sempoyongan, wusanane Pak Rudi kucemplung jurang lan mati sanalika kanthi getih kang mili ana ing sak kabehing awak.

“Pak, awakmu saiki wis mati lan ora bakal milarani aku lan anakmu maneh. Ha..., ha....!!” Bu Hasnah malah ngguyu ngakak weruh Pak Rudi tiba ana jurang lan mati.

Bu Hasnah banjur lunga ninggalake mayite bojone kang ana ing ngisor jurang kanthi ati kang seneng lan lega. Dheweke ora duwe rasa kaya ora ana kedadean apa-apa. Nanging, ibune Bu Hasnah atine krasa ora kepenak lan duwe pangrasa kaya ana kang nyalawadi saka raine anake kuwi.

“Ndhuk, kowe kuwi kena apa kok sajak judheg tur sajak bingung ora kaya biasane?” pitakone ibune Bu Hasnah.

“Bu, atiku wis ora kuwat maneh. Dakkandhani ya Bu, aku iki mau nembe wae mateni bajingan kae, sapa bu? Rudi kae lo Bu!. Pancen bener Bu, Rudi wis tak pateni!”

Ibune Bu Hasnah kaget banget krungu anake omong menawa mentas wae mateni bojone. Pancen bener sebab ana ing tangane anake nggawa arit kang gupak getih.

Wis ana seminggu luwih anggone Pak Rudi seda. Nanging Bu Hasnah malah kaya wong ora waras. Dheweke saben dina mung omong-omongan dhewe lan ngguya-ngguyu dhewe.

“Ha... ha... ha... Bapak tak pateni!, bojoku wis dakpateni! Ha...ha...ha!.”

“Sabar ya Ndhuk, pancen jodhomu mung semene umure lan aku ya mangerteni menawa bojomu kae gelem nikah karo kowe

"Murkane Ibu"

11