Kaca:Murkane Ibu.pdf/23

Kaca iki durung katitiwaca

“Yawis la, aku ya ora ngerti, iki kabeh saka sapa.” Mawar ngo- mong karo nggoceki layang lan kembang mawar iku.

Ing ngomah, Mawar bungah banget atine amerga entuk layang lan kembang mawar. Nanging dheweke isih bingung banget gek sapa kang menehi, banjur sapa pria sing seneng karo dheweke.

Wayah esuk wancine padha mlebu kelas, Mawar kaget maneh amarga ing mejane ana maneh layang lan kembang mawar padha dina sadurunge. Lan dina-dina candhake saben esuk mesthi ana barang loro kuwi.

“Wah.... Wong iki pancen seeng buanget karo awakmu War, nyatane saben dina kowe dikirimi terus.” Kandhane Shanti sajak bangetake.

“Iya, tak kira ya pancen mangkono War! Wah yen aku kapan ya bakal dikirimi kata Mawar?” kandhane Dhani sajak meri.

“Ora kober arep ngirimi kowe, mendhing ngirim nang kuburan wae malah ana gunane!” Shanti sajak nyepelekake.

“Asem ki!” Dhani ora trima disuarani kaya ngono. Mawar mung ngguyu ngrungokake Dhani lan Shanti padha omongan.

Dina iku beda karo dina liyane, kabare ana murid anyar sing arep sekolah ing sekolahane Mawar.

“Dhan, war, jare arep ana murid anyar ya?” pitakone Shanti marang Dhani lan Mawar.

“Ho'oh. Jare bocah-bocah arep nang kelase awake dhewe. Sapa ya, ahmuga-muga wong wadon sing ayu tenan.” Dhani wangsulan sajak kaya nduweni pamrih.

Lha wedhusmu kae rak ya ayu ta Dhan?” Shanti nyaut.

“Pancen, wedhusku kae luwih ayu tinimbang koweSan!” Dhani mangsuli Shanti.

“Asem ki!” wangsulane Shanti sajak mangkel. Ya ni

Jebul murid anyar mau jenenge Bima. Bima iku kalem, bagus, lan pinter. Bapakne Bima sing duwe sekolahan. Nanging eman, Bima agamane beda. Bima ing sekolahan gampang anggone tetepungan karo kanca-kancane.

“Wah eman-eman ya, wis bagus nanging kok agamane beda karo awake dhewe. Wah nek padha agamane wis tak embat” Shanti nyelani rembug,

“Sing penting awakedhewe bias kekancan karo Bima. Oh ya, kepri- yesesuk sido golek majalah apa ora?” Mawar takon marang kancane.

14 = Antologi Crata Cekak ee.