Kaca:Murkane Ibu.pdf/24

Kaca iki durung katitiwaca

Ha ya kudu, karo refreshing barang ta?” Dhani nyarujuki.

Esuke, dina Minggu, Mawarlan kancane padha pit-pitan saper- lu arep tuku majalah. Ngepasi ana ing penggokan, Mawar sing ana ing ngarep dhewe wong. Jebul wong mau Bima. Mawar lan Bima padha tiba.

“Weela, malah ana adeganromantis barang ta?” Dhani ngguyu sajak ngece.

“So sweet yo, Ni” Shanti nambahi.

Mawar banjur njaluk ngapura karo Bima. Saka kedadean iku, Mawar lan Bima kayane padha duwenirasa seneng lan suwe-suwe pancen padha seneng. Nanging Shanti lan Dhani ngelingake mena- wa Bima iku beda agamane. Mawar dadi sedhih. Bapak lan ibune ya ora sarujuk yen Mawar duweni rasa tresna marang Bima sing beda agamane.

Kuciwane Bima padha karo sing dirasakake Mawar. Bima uga ora entuk yen Bima seneng marang Mawar. Nanging Bima ora bakal mutung, dheweke terus mbujuk bapak ibune, nanging hasile padha wae. Malah Bima dikon bapake supaya pindhah sekolah ana ing manca negara.

Masalahe Bima tambah ruwet, nanging Bima ora crita karo Mawar yen dheweke bakal disekolahake ana manca negara. Rina wengi Mawar tansah mikirake sesambungane karo Bima. Amarga tansah mikirake, Mawar banjur lara. Wislimang dina ora mangkat sekolah.

“Dhan, Mawar lara apa ya? Kok wis limang dina ora mlebu sekolah? La piye yen mengko bali sekolah awake dhewe tilik Mawar, trus Bima dikandhani “ pitakone Shanti.

Dhani lan Shanti sawise sekolah banjur budhal menyang omahe Mawar, nanging mampiri Bima dhisik. Saktekane omahe Bima, jebule Bima ora anaing omah. Bocah loro mau banjur padha budhal menyang omahe Mawar. Tekan omahe Mawar kok sepi, jarene tanggane, Mawar digawa ana ing rumah sakit.

“Wah gawat, terus awake dhewe kudu piye iki?” kandhani Dhani.

“Yasaiki awake dhewenyusul ana ing rumah sakit. Wis ayo!” kandhane Shanti karo nggeret tangane Dhani.

Sakwise tekan ramah sakit, bapak lan ibune Mawar lungguh nunggoni Mawar lan padha ngendikakake piye kok Mawar bias lara tipes. Apa amarga Mawar ora ajeg nggone maem lan dheweke uga terus mikirake Bima.

> “Murkane Ibu” ee 18