Kaca:Murkane Ibu.pdf/25

Kaca iki durung katitiwaca

Sore iku Bima mara ana ingrumah sakit arep niliki Mawar. Saben dina Bima nggawakake kembang mawar. Bapak lan ibune ngerti yen Bima pancen tresna banget karo Mawar.

“Pak, Bu, sakderengipun kula nyuwun ngapunten amargi kula, Mawar dados makaten niki. Kula badhe nyuwun pamit, kula didha- wuhi bapak supados sekolah wonten ing manca negari. Kula nitip salam kangge Mawar nggih pak, Bu.” Kandhane Bima karo netesake luh amerga sedhih banget. Sakdurunge Bima pamit, Bima nitipake layang lan kembang mawar kanggo Mawar.

Bima banjur ga. Mawar ana ing rumah sakit wis telung dina. Bapak lan ibune ora tega wenehke layang lan kembang saka Bima amarga Mawar saben dina tansah nakokake Bima.

“Pak, Bu, Bima mboten mriki napa?” pitakone Mawar lirih.

“Ngene ya Ndhuk, telung dina kepungkur Bima mreene. Dhe- weke nitipake iki kanggo kowe.” Kandha mangkono, ibune banjur ngulungake layang lan kembang saka Bima karo rasa semedhot.

Mawar kagetamarga layang lan kembang mawar mau kok padha karo sing saben esuk ana ing mejane Mawar. Maar banjur maca isi layang mau, isine yaiku

Kanggo Mawarku ...,

Mawar sing tak simpen ing ati Erimu tumancep ing awakku iki Pancen perih rasane, nanging ora tak rasakake Lan ngrasakake perih ninggalake wangimu. Aku njaluk ngapura marang sliramu Menawa aku ora bisa nunggu Mung mawarku iki kang bias ngancani uripmu Lan mawar, salawase ana ing atiku,

Sakwise maca layang mau, atine Mawar kaya diiris-iris lan ketancepewonan eri. Dheweke ora nyana yen bakal kaya mangkene pungkasane. Nanging dheweke eling yen takdir wis ora bias diowahi maneh laning atine Mawar tetepnyimpen wan gining Maware Bima.

Kek

16 = Antologi Crata Cekak ee.