Kaca:Murkane Ibu.pdf/29

Kaca iki durung katitiwaca

“Lho, kok nesu Mas, ora wis, aku mau mung guyon kok.” Omong mangkono Diyah karo ngepuk-epuk gegere Duta.

“Wah, aku dadi mesakake karo Dhik Diyah ki, dolan sepisan wae kok ya apes tenan, ndadak macet barang montore.” kandhane Duta.

“Ngene wae mas, mau rak cedhak bengkel ta, wis saiki digawa ana bengkel kana wae.” ajake Diyah marang Duta.

“Lha apa kowe gelem mlaku tekan bengkel pa Dhik?” pitakone Duta.

“Ya gelem ra gelem kudu gelem ta Mas, wis ayo ndang mlaku anaing bengkel.”

Bocah sakloron terus mlaku bareng, Duta nuntun sepedha mon- tore, Diyah mlaku anaing mburine Duta. Ora letsuwe, Duta lan Diyah wis tekan ana ing bengkel sing mau nambal ban montore kancane.

Tekan bengkel, kebeneran bengkele ya lagi sepi. Duta banjur masrahake montore supaya dibenakake.

“Suwe ora ya Mas, aku didukani ora ya yen lunga suwengene iki?”

“Ya paling sedhela Dhik, wong paling ya mung busine wae kok.” kandhane Duta.

“Yen suwe, apa aku tak bali dhisik wae pa MasDiyah.

“Walah Dhik, ora suwe wis ta, sabar ya, aku mengko tak matur mbakyumu wis.” kandhane Duta.

Ora suntara wektu, montore Duta wis bisa diuripake maneh. Sakwise mbayar wragad marang bengkel, montore wis siyap ditum- paki.

“Wis Dhik, ayo bali. Kene gek mbonceng!”

Diyah banjur mbonceng montore Duta. Mlakune montor saiki wis ngidit mlayu kepenak. Wayah wis rada peteng, srengenge wis angslup. Dalan dadi rada peteng. Nanging, durung nganti tekan omahe Diyah, lampu montore Duta pedhot.

“Adhuh Dhik, lampune montor mati! Wah ora bisa weruh dalan ki!” kandhane Duta karo gugup.

“Wah jan apes tenan Mas, piye ki Mas?” pitakone Diyah.

“Apuranen aku ya Dhik, dadi isin tenan aku.” kandhane Duta karo rada isin-isin.

“Mulane Mas, sesuk maneh yen Mas Duta arep ngajak dolan aku, mbok ya ditiliki ndhisik montore, dicek mesine lan liya-liyane. dadi ora nganyelke ati kaya ngene iki.” kandhane Diyah.

20 = Antologi Crita Cekak ee