Kaca:Murkane Ibu.pdf/33

Kaca iki durung katitiwaca

Lara Ati

Rina Lenitasari SMK BOPKRI Wates, Kulonprogo

kd

ngga paling seneng dolan menyang nggone kancane sing jeneng

aras. Jan-jane mono Angga ki lagi kesengsem marang Laras. Nanging, dheweke isih duwe rasa isin arep kandha marang Laras. Laras pancen bocah wadon kang ayu rupane. Mula ora mokal yen akeh sing kesengsem marang Laras. Angga rumangsa yen akeh saingane menawa arep dadi kanca cedhake Laras. Mula kuwi, Angga mung nyimpen rasa pangrasane ing ati.

“Eh, Ri.... Kowe gelem nulungi aku ora? Yen isa, aku butuh ba- nget pitulunganmu,” kandhane Angga marang Veri nalika dheweke metu saka perpustakaan.

“Pitulungan apa? Yen aku isa wae aku gelem nulungi Ngga”.

“Ngene Ri, Kowerak wis ngerti ta, yen aku ki kesengsem ma- rang Laras?. Lha saiki aku njaluk iguh pratikelmu, piye carane sing apik kanggo nyedhaki dheweke, lan yen isa uga macari dheweke sisan”.

“Wooo, lha yen mung arep nyedhaki mbok saiki wae geh ndang dicedhaki...”

“Ora ngonokarepku Ri. Kuwi lho Ri, piye carane isa narik kawigatene Laras?” Veri sajak mikir-mikir.

Let sauntara, dhewekw njenggirat kaya-kaya wis nemu akal.

“Ngga, yen kowe ki percaya marang aku lho, sak jan-jane ngono, ana sing luwih gampang mbok cedhaki. Lan gampang mbok pacari sisan. Yen kowe gelem lho....!” Kandhane Veri menehi pa- ngarep -arep marang Angga.

24 = Antologi Crita Cekak ee