Kaca:Murkane Ibu.pdf/35

Kaca iki durung katitiwaca

“Lha mengko motorku piye?”

“Yen bab motor wae gampang, Ngga. Mengko ya aku isa ngga- wa motormu. Tak nggone bali dhisik”.

Angga semangat banget. Yen Veri ya seneng-seneng wae. Mangkat dipethuk Angga, bali sekolah isa nggawa motore Angga. Ah, sisan dienggo methuk Yeni, adhine.

Nalika sepisanan mbayari Laras numpak bis, bungahe Anga jan sundhul langit pitu. Laras dhewe yo seneng merga bisa ngirit sewu rupiyah.

“Wah nuwun banget Iho, Ngga. Kowe kok apikan banget karo aku”.

“Ah...ora kok Ras. Iki rak mung kepeneran wae. Soale aku iki kepingin numpak bis, kok”.

“Lha motormu saiki ning ngendi?”

“Digawa Veri, je. Tak titipke omahe.

Esuke Laras cerita marang Veri, yen saiki Angga apikan banget Gelem mbayari numpak bis barang,

“Ras, iku rak begjamu. Isa oleh subsidi sedhela saka dheweke. Lha aku ya oleh subsidi je. Motore dikon nggawa, malah dititipke omahku angger bali sekolah...”

Laras durung mudheng yen dheweke lagi dicedhaki Angga.

“Boros yo ben, angger isa nyedaki Laras!” swarane atine Angga yakin banget.

Coba bayangna, yen mengko Angga ngerti dheweke pacare si Laras. Njur dheweke mumet pa ora? Saben dina Angga ntraktir Veri. Yen bali sekolah mesti mbayari Laras. Lha sing dibayari mesti wae ya seneng banget. Coba dietung-etung, Seminggu wae wis ngirit pitung ewu rupiyah. Lha yen sesasi wis pira?

“Ras, pisan-pisan gelem pa nonton film bareng aku?” Angga takon marang Laras.

Krungu pitakonane Angga mau, Laras kaget banget lan sajak gumun.

“Nonton Film? Film apa Ngga?”

“Ya film bioskop no. Gelem pa ora? Yen gelem mengko, pa kapan-kapan tak ampiri”.

“Ya, wis kapan-kapan wae. Yen mengko aku ora isa, soale akeh gawean je.”

26 = Antologi Crita Cekak ee