Kaca:Murkane Ibu.pdf/36

Kaca iki durung katitiwaca

“Yoh, sesuk wae ya” Angga tambah bungah. Saiki wis bisa ngajak nonton Laras. Raketang mung lagi janji Veri sing dicritani dening Angga melu-melu bungah.

Lagi wae bali dolan, arep mlebu omah, saka ndalan katon Ang- ga mlaku mlebu latare omahe Veri. Nanging katon lemes ora kaya biasane. Wah, iki mesti ana apa-apa! Apa kagol pa ya?

“Lho, ana apa Ngga, koksumrin gah banget?” Sindire Veri karo ngakon mlebu omah. Angga mung meneng wae.

“Kowe ki ngapa Ngga?” Veri nandheske pitakone. Ora ana jawaban!

“Oooo, iki mesti gara-gara si Laras ya? Piye kabare dheweke?” Apik-apik wae ta Ngga?”

“Apik piye! Genah kaya ngene dadine....!”

“Laras kenapa ta? Mbok aku dikandhani Ngga,” Angga man- deng Veri. Kosokbaline si Very kebak rasa pitakon marang Angga.

“Kowebener Ri. Laras wis duwe pacar. Saiki mbasan aku ngerti dhewe, aki ya nrima apa anane kok. Mung aku ki rada korban pe- rasaan marang kowe....”

“Eh, aja Ngga. Yen korban ki wedhus apa sapi, percuma nek kowe mung korban perasaan wae...”

“Kowe ki yen diajak guneman mesti ora nggatekake. Aku ki srius je. Saiki apike piye Ri, kowe apa isih isa nulungi aku?”

Piye ya? Wis, saiki ora sah sedhih Ngga. Ning mengko kowe aja njurnjegur sumur lho. Saiki awake dhewe mubeng-mubeng wae ya?”

Angga manut ajake Veri. Wis sakuntara cah loro muter-muter, atine Angga mentas kagol oleh tamba. Isa nyawang kaendahane sesawahan lan langit sore sing abang, manuk-manuk sing bali ing susuhe. Marahi atine Angga sing kagol rada kobatan.

“Kowe yen kawit wingi manut kandhaku, ora kaya mengkene Ngga dadine”.

Veri malah njur cerita werna-werna. Soal pemilu, korupsi ing negarane dhewe lan keroyokan cah-cah SMA ing Jogja. Rekane mono si Veri kepingin ngelipur atine Angga, supaya ora njur kuciwa.


Sk

Rina Lenitasari, sekolah ing SMA Bopkri Wates, Jalan Sugiman 1, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773079

= “Murkane Ibu” ee 27