Kaca:Murkane Ibu.pdf/37

Kaca iki durung katitiwaca

SLENCO

Ali Rahmat W. SMA Ma'arif Wates

kd

Pesek: hawalan padhange langit, ngetokake yen wektu isih awan. Sumilire angin kang nerak gegodhongan ditambahi endahe wit witan kang ana ing sangarep lan sakiwa tengene omah, dirasak- rasakake katon kepenak.

“Penak tenan lungguhan ana ing kene, jan isis tenan” guneme Pak Kirna, kang lagi leyeh-leyeh ana ing lincak ngarep omah.

Awan kuwi Pak Kirna atine lagi bungah, jalaran Tejo, anake wis tamat anggone sekolah ana SMA Tulung Kula. Ewa semana atine Pak Kirna, isih ngganjel, mumet, mikirake ragat sekolah Tejo sing du- rung isa kabayar. Apa maneh yen mikirake utange marang juragan wedhus sing wis tumpang tindhih nganti anak-anakane akeh.

Iki unek-unek atine wong ora duwe Sing padha krungu aja dha ngece Utangku akeh neng kana-kene

Urung tak saur nganti tekan seprene Pancen enak tenan nampa BLT

Isa mangan nganggo lawuh sate Pemerintah ingkang kinurmatan

Napa sak niki jamane sampun edan Kathah pejabat ingkang kaya setan Amargi paten-patenan rebutan jabatan

“Wis... wis, rene tak kandhani Pak!” Ora ngono kuwi Pak, nek nembang kuwi sing apik, aja waton muni, isa cilaka Sampeyan, isa uga malah di dhor!”

28 = Antologi Crita Cekak ee