Kaca:Murkane Ibu.pdf/38

Kaca iki durung katitiwaca

“Ngapa lho Bu, kowe ki! Iki rak suwaraku dhewe, lambe ya lambeku dhewe, ta!”

“Sik, sik, mengko dhisik Pak, aja salah tampa ngono kuwi. Tem- bangmu maurak ana unen-unen pejabat sak niki kaya setan ta? Mosok pejabat dipadhakke setan, rak ya ora pantes, isa cilaka lho sampeyan Pak.”

“Ngene Bu..., tembang kae mau mung unek-unek apa sing tak rasake saiki. Kae Antasari, sing meneng-meneng jebulane dadi dha- lang sing mateni dhirektur PT Putra Raja Wali Banjaran, Nasrudin Zulkarnaen.”

“Sampeyan kuwi Pak, ajeg nek dikandhani malah maido!”

“Thok ..., thok ..., thok!”

Lambene Pak Kirna lan bojone gage bungkem, kaya orong- orong kepidak.

“Sapa dhayohe kae, Bu?”

“Gek-gek ana pejabat sing liwat Pak? Gara-gara krungu leh nembang Sampeyan mau.”

“Aja ngedheg-dhegi ngono kuwi Bu! Wis kana gek dibukake lawange!”

“Weee..., lha, Sampeyan iku aneh! Rak Sampeyan ta Pak, sing ndadak nembang aneh-aneh mau.”

Khanti wedi lan ati was-was, Pak Kirna banjur mlaku alon-alon, bukak lawang. “Ngueeeek,” swara lawang kabukak.

Mak tratap, Pak Kirna saya kaget, jebul dhayohe Polisi gedhe dhuwur, brengosen, lan nggawa bedhil.

“Won..., won..., wonten menapa nggih, Pak Polisi? Menapa klentu kula? Kula niku sanes teroris Pak.”

“Sampeyan ampun wedi kalih kula,Pak. Lajengan kemawon, kula sowan mriki badhe ngabaraken menawi putrane sampeyan, Tejo, kula tahan wonten Polres.”

“Lha... aaa! Kenging menapa Pak anak kula?”

“Putrane sampeyan kedadosan nyimpen sabu-sabu wonten sak jaketipun.”

Krungu omongane Pak Polisi kang jlentrehake tujuane mertamu, Pak Kirna dadi ngguyu kepingkel-pingkel nganti bojone dadi kaget.

“Haaa ... ha.... haa!”

“Ana apa Pak? Kok olehmu ngguyu nganti kepingkel-pingkel mengkono?

= “Murkane Ibu” ee 29