Kaca:Murkane Ibu.pdf/42

Kaca iki durung katitiwaca

“Wis, gek diombe Nak wedange, wong ora panas banget kok! Dikepenakake lungguhe ya Nak, ibu dak ana mburi maneh”. Ibune Hana banjur mlebu maneh ana mburi.

Wis meh 20 menit Fifi ngenteni Hana sing jarene menyang warung kidul kono. Nanging Hana kok durung teka-teka. Ibune Hana metu karo ngendika.

“Wah kok Hana durung bali-bali ya, kamangka blanjane ora akeh, tur ya ora abot je! Waduh ana apa ya? Ngene wae Nak, ibu dak nyusul Hana ana warung, Nak Fifi ngenteni neng kene ya?” Ibune Hana katon rada keweden. Fifi banjur ngadeg,

“Bu, menapa kula kepareng ndherek nyusul Hana? Kula mbo- ten sekeca menawi wonten dalem mriki piyambak” kandhane Fifi.

“Walah, ora apa-apa Nak, kaya ana ing omahe sapa. Kowe rak yawis biasa dolan ana ing kene ta? Wis, Nak Fifi lungguhan ana kene dhisik, Ibu daknyusul Hana ana warung kidul kono!” karo ngendika kaya mangkono, ibune Hana banjur gage-gage nyusul Hana.

Fifi mungmeneng wae, karo nyawang ibune Hana tindak, Fifi banjur lungguhan ana ing kursi teras omahe Hana.

Ibune Hana wis tekan ana ing warung sing biasa ditukoni kanggo blanja sedina-dinane. Nanging ana ing warung, Hana kok ora ketok. Ibune Hana banjur takon marang sing ana ing warung,

“Mbak Darni, Hana mau mrene ora? Kok nganti saiki durung bali-bali?” pitakone Ibune Hana marang Mbak Darni.

“Lho, Hana niku pun wangsul Bu, wau pancen tumbas blanjan teng mriki. Mbokbilih sakmenika sampun wonten griya, Bu. Lha menapa panjenengan mboten kepanggih teng mergi napa?” kandha- neMbak Darni karo mesem.

“Oraje Mbak, apa liwat dalan kulon pa ya? nanging cetha yen mau mrene lan wis bali ta Mbak? pitakone Ibune Hana.

“Inggih Bu, wau mriki lan pun wangsul kok, wong kula ugi nger- tos piyambak kok!” wangsulane Mbak Darni.

“Welha, yaw is Mbak aku dakbali, nuwun ya mbak!”

Kandha mangkono, ibune Hana banjur tindak sajak kesusu, kon- dur ana omahe. rasane selak kepengin ngamuk marang Hana amar- ga Hana wis gawe bingunging ibune.

Sakwise Ibune Hana tekan omah, banjur nggoleki Hana. Na- nging kok hana ora ketok. Ibune banjur celuk-celuk.

“Han, Hana!” ibune celuk seru banget.

> “Murkane Ibu” ee 33