Kaca:Murkane Ibu.pdf/44

Kaca iki durung katitiwaca

“Oh, ya Han, ibumu ana ngendi? Aku dakpamit”.

Hana banjur menyang mburi. Ora let suwe ibune Hana wis ana ngarepan.

“Bu, kulanyuwun pamitrumiyin, sampun sonten”. kandhane

“Iya Nak, bener kowe, bali dhisik mengko ibumu duka lho yen kowe wis sore kok durung bali. Wis ngati-ati ya Nak!”. Ibune banjur ngepuk-epuk pundhake Fifi.

“Inggih Bu. Pareng Bu! Wis ya Han, aku bali dhisik. Assalamu- “alaikum!”

Fifi banjur mlaku alon-alon.

Fifi wis tekan ngarep omahe, banjur uluk salam.

“Assalamu'alaikum!”

“Waalaikum salam!” ibune Fifi mangsuli salam saka Fifi, karo takon marang Fifi.

“Kowe ki saka ngendi ta Fi, kok saka awan mau nganti saiki lagi bali?” pitakone Ibune Fifi.

“Nyuwun pangapunten Bu, kula waku kesusu lan mboten pamit Ibu. Kula wau saking griyane Hana, kanca sakelas kula Bu”. Kan- dhane Fifi.

“Kok sajak kesusu, ana perlu apa?” pitakone ibune Fifi.

“Nggih pengin ketemu Hana Bu, ugi wau ningali bal-balan”. kandhane Fifi.

“Lha mung ndelok bal-balan wae kok nanggone Hana barang, wong ngomah ya ana TV ta?”

“Inggih Bu, panic leres, nanging kulak ok luwih remen yen ningali bal-balan kanthi sareng-sareng”. kandhane Fifi.

“Yawis gekmaem kana, kae wis dakcepakake ana meja, lawuhe iwak sing paling enak 10.”

Fifi banjur menyang meja mburi. Fifi ora kelingan blas bab tugas saka pak guru sing niyate mau arep ditakokake marang Hana, nganti bali malah lali ora takon marang Hana. Sakwise maem, Fifi banjur menyang kamare lan nunggu wayahe adus.

Bengine, kaya adat saben dinane, Fifi ndelok daftar tugas sekolahane.

“Wah, sesuk esuk ora ana tugas sing kudu ditumpuk. Dadi saiki bisa rada sela ki. Tegese saiki aku bisa ndelok TV”, batine Fifi karo sajak bungah banget.

> “Murkane Ibu” ee 35