Kaca:Murkane Ibu.pdf/45

Kaca iki durung katitiwaca

Fifi banjur nyetel TV ana kamar ngarep. Lagi wae nggoleki acara sing apik, ibune takon marang Fifi.

“Fi, kok nyetel TV? Apa ora ana tugas pa?” pitakone ibune.

“Boten wonten kok Bu, kula badhe ningali acara Gong Show Bu”.

“Nanging aja wengi-wengi Fi anggone ndelok TV. Kowe kudu tetep sinau lo!” ibune kandha mangkono banjur mlebu ana kamare.

“Inggih Bu”. kandhane Fifi.

Fifi katon asyik banget ndelok acara TV nganti jam sanga. Sak- wise iku TV banjur dipateni lan Fifi banjur mlebu ana kamar. Dhe- weke banjur turu lan ora ngalkoni tugas yen dheweke kudu sinau.

Kaya adat saben dinane, watara jam setengah puti, Fifi wis bu- dhal menyang sekolah. Tekan sekolah, Fifi banjur ditakoni kanca- kancane.

“Kepriye Fi, wis ngerti tugase wingi durung? Jarene wingi sore kowe dolan neng omahe Hana saperlu nakokake tugas?” pitakone kanca-kancane Fifi.

Krungu pitakonan kaya mangkono, Fifi kaget banget. Dheweke lagi wae kelingan yen wingi dheweke lali ora nakokake tugas karo Hana. Dheweke banjur ngapusi kancane.

“Lha aku nanggone Hana mung kepengin dolan wae kok”. kandhane Fifi.

“Ooo, yen ngono dadi ra kepengin ngerti tugase wingi?” pita- kone kancane.

“Ora” Fifi njawab ngapusi kanthi cekak.

Ing atine Fifi jan-jane ya kepengin banget mangerteni tugas saka pak guru.

“Ya wis nek ra pengin ngerti!”

Nalika ngaso, kanthi swara lirih, Fifi takon marang Hana.

“Han, saktenane tugas saka pak guru wingi ki apa ta?”

“Jebule kowe ki pancen ora ngerti tenanta Fi? Dakkira kowe mung gawe-gawe”. kandhane Hana.

“Halahh Han, kayak owe ki ra ngerti aku wae!” Hana banjur ngguyu.

“Ngene ya Fi, tugas saka pak guru wingi yaiku awake dhewe didhawuhinyathet wit-witan sing ana glugute saokeh-okehe. Pak guru kepengin ngerti sepira ta awake dhewe mangerti karo wit-witan sesambungane karo bab sing diterangake wingi.” kandhane Hana karo mesem.

86 = Antologi Crata Cekak ee.