Kaca:Murkane Ibu.pdf/49

Kaca iki durung katitiwaca

“Ya pancen kuciwa iku metune keri, Bu. Tak pikir, kok bener apa sing dingendikakake para pujangga kae ya Bu. Yen seneng- seneng mulane, mesti banjur susah ing mburine. Sawise nglakoni dhewe, awake dhewe iiki kurang nrima ya Bu. Yen ndhisik ora pengin lan mlaku apa ananerak ya ora ngene.” ngono kandhane sajak getun.

Pak Jono lan sisihane isih anaing ngarep omah. Ngomongake nasibe. Melas. Banjur ora suwe, Paiman, anake lanang siji-sijine teka saka dolan.

“Wonten napa ta, Pak, kok kalih Ibu ten mriki? Kok kadosengen- dikane wigati sanget.”

“NgenelLe, aku lan ibumu iki lagi wae ngomongake bab nasibe awake dhewe. Piye nasibe kulawarga iki sesuk.”

“Nggih kados pundi ta, Pak? Bingung?”

Pak Jono banjur nyritakake kahanan sak durunge marang anak lanang.

“Lha piye ta Le, dipikir-pikir awake dhewe lan anak putumu sesuk. Aku iki kok ngrumangsani dadi wong tuwa salah. Salah ang- gonanku ngecakake carane urip. Aku rikala wingi durung mikirake uripe anak putuku. Aku iki dhisik seneng dolanan kartu lan omben- omben. Pancen kabeh iku nyenengake. Lan bener sing haram penak dilakoni. Kabeh mau dadi lali. Tuntunane sing becik mungguhing agama bisa kalalekake. Amarga saka kuwi, aku banjur adol apa du- wekku, kayata lemah, pomahan, lan mas-masan duweke ibumu sa- perlu mung kanggo nuruti hawa nepsuku le ora bisa tak penggak. Kudu tak turuti ing wektu kuwi. Menawa ora keturutan, wektu kuwi rasane cengklungen. Mula aku ora eling, Menawa lemah lan mas- masan iku mau sabenere kena tak enggo njembarake cara urip kang becik, kayata kanggoragating tembene, kalebu kanggo nyekolahake kowe tekan sarjana.

Paiman nggatekake anggone Pak Jono ngendika kanthi tenan- an.

“Pancen iki salahku. Aku ora bisa bersyukur karo bandha sing wis tak adhep. Menawa akeh-akeh bersyukur mbok menawa aku ora bakal kleru cak-cakane. Kesasar ing jurang dolanan kertu lan omben-omben. Mula iku ya, Le, aku arep weling marang kowe anak- ku siji-sijine, okeh-okeha bersyukur awujud nikmat paringan saka Gusti, cilik utawa gedhe. Luwih-luwih kowe sing tak karepake, kowe kudu bisa dadi panutan tumrape awakmu dhewe, kulawargamu,

40 = Antologi Crata Cekak ee.