Kaca:Murkane Ibu.pdf/51

Kaca iki durung katitiwaca

Keli Ketulungan Budi

Bibit Noviyanto SMK Negeri 2 Pengasih, Kulonprogo

kd

lak Yanto saiki katon beda banget yen disawang, Dheweke saiki

katon sumringah. Beda bangettinimbang kahanane wolung taun kapungkur. Sapa ngira Pak Yanto sing saiki uripe sarwa kepenak, biyen iku uripe ngrekasa banget. Saben dina mung bisa ngelus dha- dha pratandha lara lapa. Yen Pak Yanto didhawuhi milih antarane banjir karo pacoban iki, panjenengane mesthi milih banjir. Amarga saking abote pacoban mau. Nanging, ora mung Pak Yanto lan sisih- ane kang ngrasakake pacoban iku. Tangga teparone uga melu urun ngrasakake.

Kahananiku kadadean saka pokale anake Pak Yanto, yaiku Agus, sing sekolah kelas loro ana ing Karanganyar. Polahe iku sing gawe susah wong tuwane sakloron. Ora jenjem karo pengarep-arepe wong, tuwa. Pamite menyang sekolah, jebulane mung thethek ana ing ter- minal. Wayah bengi mung mblayang embuh ana ing endi lungane. Blas ora gelem sinau. Beja yen isih gelem mbukak buku, ndumuk buku wae ora. Bali- bali wis jam telu esuk. Kejaba iku, saben dheweke bali ana ing omahe wis sempoyongan amarga mabuk. Tumindak kaya mangkono iku kaya- kaya wis dadi panganane sadina- dinane.

Tandang-tanduke Agusiku oramung wongtuwa sakloron sing ngrasakake susah, nanging tangga teparone uga ora sreg karo polahe anak ontang-antinge Pak Yanto iku. Wis tau kadadean ing masyara- kat kono yen Agus keprenah konangan nyolong pitik duweke Pak RT. Saka pangakune, dheweke nglakoni iku mau amarga ora duwe dhuwit kanggo tuku omben-omben. Amarga wis nyandhu lan mer-

42 > Antologi Crita Cekak ee