Kaca:Murkane Ibu.pdf/52

Kaca iki durung katitiwaca

ga wis ora kuat yen ora ngombe. Amarga masyarakat kang wis ge- thinglan saking wis ora tahan, tangga teparone banjur padhangge- bugi Agus. Saka bejane Agus, Pak RT aweh pangapura marang Agus.

Nanging, tumindake Agus sing gawe susah wong akeh iku kaya ora ana enteke. Kayata nyilih andphone kancane, nanging ora dibalekake malah kepara didol. Tumindak ala sing diwiwiti ngan g- go miras iku wis ora bisa diupakara, amarga watake wis bejat. Sana- jan mangkono, sing dadi wong tuwa tetep waspada. Wani cegah dha- har lawan guling. Isine tansah nenuwun marang Ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa supaya Agus, anake kuwi bisa diapura. Ing sa- banjure muga-muga diparingi pituduh sing njalari bocah iku mau eling marang tumindake sing kleru.

Pak Yanto mung bisa pasrah merga wis kentekan cara piye anake bisa eling lan mareni tumindake kang kleru. Dikandhani kanthi alus lan kasar wis bola- bali. Nanging Agus dhewe yen dikandhani kaya mlebu kuping tengen, metu maneh saka kuping kiwa. Blas ora mam- pir ana ing pikirane.

“Pak, aku njaluk dhuwite!” kandhane Agus marang Pak Yanto kanthi suara nyentak.

“Arep digunakake kanggo apa le? Yen digunakake kanggo urus- an sekolah bakal tak wenehi, nanging yen mung kanggo mabuk- ma- bukan ora bakal dakwenehi!” wangsulane Pak Yanto.

“Njuk ngapa Pak yen daknggo mabuk? Iku urusanku. Pokoke saiki Bapak arep menehi dhuwit apa ora? Yen ora aku arepminggat wae saka omah!” kandhane Agus.

“Ya aja ngono ta, Le. Aja minggat saka omah ya! Ya, ya dak we- nehi dhuwit Le, nanging dakjaluk kowe ajaminggat ya. Bapakmung duweiki. Nanging iki keri dhewe bapak menehi dhuwit, sesuk ma- neh wis ora bakal tak wenehi yen kanggo mabuk.”

Sakwise diwenehi dhuwit, Agus banjur lunga klepat kaya angin. Pak Yanto mung bisa ngelus dhadha saka polahe anake. Wis ora bisa ngapa-ngapa maneh, mung bisa nuruti sing dadi kekarepane. “Muga mupga Gusti Allah paring hidayah kanggo anakku iki. Supaya bisa dadi anak sing bekti marang wong tuwa.” Iku dongane Pak Yanto.

“Sabarnggih Pak! Mugi- mugi Agus ndang diparingi eling me- nawa kabeh kelakuane iku ngrugekake awake dhewe.” Sisihane Pak Yanto ngayem- ayemi Pak Yanto kang nandang kesusahan, sinambi netesake luh saka pojok netrane.

> “Murkane Ibu” ee 43