Kaca:Murkane Ibu.pdf/53

Kaca iki durung katitiwaca

“Uwis Bu! Ayo saiki wis manjing Isyak, ayo awake dhewe sholat. Sakwise sholat awake dhewe nenyuwun marang Gusti Kang Maha Welas lan Asih supaya anake dhewe gek ndang diparingi eling, Muga-muga anake dhewe isa dadi bocah sing bisa gawe bungahe wong tuwa. Migunani kanggo keluarga, masyarakat, lan bangsa.” pangajake Pak Yanto marang sisihane.

Pak Yanto lan Bu Yanto banjur menyang sumur kanggo wudu. Sakwise iku sakloron banjur nindakake sholat isyak bareng, Kaya adat sabene, rampung sholatpadha ndonga bareng muga anake eng- gal diparingi eling marang tumindake kang kleru. nalisir saka pau- geran.

Kaya adate, jam rolas bengi mung ana wong loro ing omahe Pak Yanto. Agus durung mulih. Ora ngerti mbuh mulih apa ora. Ora beda kaya biasane, kira-kira jam telu esuk ana swara wong bukak lawang, Pak Yanto keprungu swara iku, nanging wis ora kaget. Na- mung nerusake anggone turu. Wis mangerti yeniku mesthi Agus sing lagi mulih.

Pancen bener, Agus bali saka dolan. Sabanjure Agus mlebu kamar kanthi sempoyongan. Dheweke mabuk sakwise pesta miras karo kanca- kancane. Ora suwe Agus banjur turu ngorok. Ing sajrone turu Agus ngrasakake ana ing alam liya.

“Tulung, tulung, tulung!” Agus mung bisa njaluk tulung. Na- nging ora ana kang bisanulungi. Iki balesan kanggo wong kang duraka marang wong tuwa. Wong sing wani- wani nyeraki maksiat,” Kandha- ne wongsing nganggo ageman sarwa putih. Ing kono Agus dikrang- keng, Sikile dipapakake ana ing kumpulane mawa. Dikongkon man gan beling, Kulite padha mlosoh amarga saking panase. Cangkeme su- wek-suwek kena landhepe beling. Banget larane. Kaya larane sewu pati dadi siji. Siksa iku saking suwene, kaya ora ana enteke. Agus mung bisa mbengok njaluk tulungamarga saking ora kuwate ngra- sakake siksa iku.

“Haaaa...!” Agus tangi gregah. Ambegane ngos-ngosan. Atine dheg- dhegan saking bantere. Rupane pucet. Kaya wong sing sekarat, kari nunggu metune nyawa saka ragane.

Pak Yanto lan sisihane keprungu suara jeritan iku. Sakloron banjur tangi lan banjurmlaku menyang kamare Agus. Ing kono weruh Agus kang lagi lungguh ana pinggire dhipan karo nyekeli sirahe. Agus katon bingung lan wedi.

44 5 Antologi Crata Cekak #e.