Kaca:Murkane Ibu.pdf/54

Kaca iki durung katitiwaca

“Gus, kowe iki ngapale?” Pak Yanto takon marang Agus sinam- bimlaku nyedhaki. Pak Yanto lan sisihane banjur lungguh ing saki- wa tengene Agus. Dheweke mung amem. Kahanan wengi iku dadi ening, Let sedhela, Agus ngguguk nangis. Luhe Agus bedhah. Ora kuwasa nangis, Agus banjur ngekep Bapak lan Ibune.

“Uwis le, ana apa?” Bu Yanto takon marang Agus.

“Pak, Bu! Kula nyuwun ngapunten. Dumugi wektu menika kulamung bisa gawe susah Bapak lan Ibu. Bisane mungngentekake dhuwit kangge mabuk. Bu, Pak, wiwit wekdal menika kula janji badhe dados anak kang bekti kaliyan Bapak lan Ibu. Kula sampun tobat lan badhe damel bungahe wong tuwa.”

“DhuhGusti, maturnuwun Gusti! Panjenengan sampun paring hidayah kangge anak kula ingkang mahanani anak kula saged eling saking sedaya tumindake ingkang nalisir saking paugeran. Matur nuwun, dhuh Gusti!” Pak Yanto ngucap syukur sinambi netesake luh saka netrane.

“Allahu Akbar, Allahu Akbar”.

Oraletsuwe banjur kepru gu suara adzan subuh. Pak Yanto ngajak anak lan bojone padha sholat jamaah. Luh kang netes ing pipi padha dilap. Banjur ngadeg saka papan peturon. Menyang sumur arep wudu. Sateruse mlebu kamar sing biasane digunakake kanggo sholat Pak Yanto lan garwane.

“Allahu Akbar.” Suara takbir miwiti sholat jamaah. Kahanane sepi saksuwene padha sholat. Sakwise sholat, Agus mung amem ana ing panggonane sholat. Bapakne ndhisiki ngadeg saka papan sholat, menyang sumur nimba banyu kanggo masak. Padha Pak Yanto, Bu Yanto uga wis ana ing pawon, arep masak kanggo sara- pan. Agus mikirake impene mau.

“Apa sing ana ing impenku iki mau pratandha menawa aku duraka karo wong tuwa? Apa ya kaya ana ing impen iku sing bakal tak temoniing alam langgeng mengko? Wah nggegirisi banget. Dhuh Gusti kula nyuwun pangapunten kagem sedaya lepat kula. Kula sampun tobat, Gusti.” Iku sing dipikirake Agus.

Ora kaya adat sabene, esuk-esuk Agus wis adus. Cepak-cepak kabeh kebutuhane kanggo sekolah. Kabeh dilebokake ana ing tas. Metu saka kamar, Agus katon beda banget. Klambi dilebokake kanthi rapi, rambute dijungkati, lan sunar mripate kang nandhakake dhe- weke siap ngudi ngelmu.

> “Murkane Ibu” ee 45