Kaca:Murkane Ibu.pdf/55

Kaca iki durung katitiwaca

“Le, sarapan dhisik! Ibu wis masak.” Bu Yanto nyeluk Agus. Metu saka pawon karo nggawa sega lan lawuhe. Sawise sarapan cumepak ing sandhuwure meja, banjur padha lungguh bareng. Sarapan bebarengan, katon rukun yen disawang.

“Najanmungsega lawuh tempe goreng karo sambel tomat Muga- muga bisa ngganjel weteng saksuwene kowe ana ing sekolahan.” kandhane Pak Yanto.

Jam sing gumantung ana ing sakdhuwure TV wis nuduhake jam setengah pitu. Agus banjur pamitan karo bapak lan ibune arep menyang ngudi ngelmu. Metu saka jeron omah, Agus wis kayadene artis kang mlebu desa. Tangga- tanggane padha sajak gumun merga nyawang Agus kang beda banget saka biasane.

“Apa aku iki ora salah pandelengku ya. Kae sing lagi mlaku rak ya Agus ta? Mosok iya? Adat sabene wusanane ora temata, Iha kok saiki jan rapi tenan.” Iku sing dipikirake tanggane Pak Yanto sing lagi nyapu ana ing latar omahe.

“Nuwunsewu, ndherek langkung Bu!” Agus takon marang tanggane sing lagi nyapu latar mau. Tanggane manthuk lan mung amem. Saking ora percayane karo kasunyatan iku. Semana uga kancalan gurune ana ing sekolahan. Uga padha kaget. Ora percaya yeniku pancen Agus. Sakwise Agus mlebu kelas, kahanane dadi kaya kuburan. Sepi. Agus mung mikir yen iki pacoban supaya dheweke dadi luwih apik.

Sanajan dhisike mung dinengake, nanging Agus tetep nuduh- ake yen dheweke wis eling, Wis dadi bocah sing apik. Sekolahe di- lakoni kanthi temenan. Wis ora tau lunga bengi maneh. Sinau te- menan supaya dadi bocah sing pinter.

Usahane pancen ora sia- sia. Bijine ulangan apik- apik. Gurune padha kaget, nanging iku kasunyatane. Saiki Agus kalebu salah sa- wijine siswa kang pintering kelase. Ulangan Umum semester iki Agus dadi juara siji ana ing kelase. Kanca- kancane mundhak seneng ma- rang Agus. Prestasi iku mau terus dipertahanake. Tekane kelas telu, ing UNAS, dheweke dadi lulusan paling apik ana ing sekolahane.

Amarga prestasine iku mau, Agus miih nerusake kuliah. Uni- wversitas Negeri Yogyakarta dadi pilihane. Agus mlebu UNY tanpa tes. Kuliahe uga ora mbayar amarga entuk beasiswa saka Super- semar. Ana ing kuliahe, dheweke dadi mahasiswa teladan. Liyane iku uga dadi asisten dosen.

46 = Antologi Crata Cekak ee.