Kaca:Murkane Ibu.pdf/56

Kaca iki durung katitiwaca

Patang taun kuliah wis rampung. Ora krasa, sesuk dheweke diwisudha. Wong tuwane sakloron diaturi tindak ana ing acara kasebut. Esuke, rasa seneng ngliputi atine Pak Yanto, Bu Yanto, lan Agus. Agus dinobatake dadi mahasiswa ferbaik. Rasa syukur kaunjukake marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos, kang wis paring kanugrahan iku. Saking senenge, kepara malah padha nangis. Dina iku pancen dina sing ora bakal kalalekake keluargane Pak Yanto.

Rampung kuliah, Agus langsung golek kerja. Beja tenan, ana perusahaan kang nampa Agus. Dheweke kapapakake dadi karya- wan anaing bagian keuangan. Suwe saya suwe, amarga kerjane sing mempeng, kursi Kepala Keuangan kawenehake kanggo dheweke.

“Impenku dhek SMA biyen iku pituduh kanggo aku. Menawa uripiku mung sepisan. Urip iku ora kena sembrana, kudu dipunak- ake kanggo usaha. Usaha supaya dina iki luwih apik tinimbang dina wingi, sesuk kudu luwih apik tinimbang saiki. Uga eling yen ing donya iki mung mampir ngombe. Isih ana alam kang langgeng.” Iku sing ana ing ana ing pikirane Agus kang lagi teturon sakwise bali saka kerja.

Semana ugaPak Yanto lan sisihane, ngrasakake kasil saka tandur- ane. Anane mung tansah ngunjukake syukur marang Gusti.

banu

Bibit Noviyanto, lairing Kulon Progo, 17 November 1882, sekolahi ana SMK Negeri 2 Wates, Jalan K.R.T. Kertodiningrat, Margosari, Pengasih, telepon (0274) 773029, agama Islam, omahe ana ing Taruban Wetan, RT 28, RW 14, Tuksono, Sentolo, Kulon Progo, nduweni kesenengan nulis lan bal-balan.


= “Murkane Ibu” ee 47