Kaca:Murkane Ibu.pdf/57

Kaca iki durung katitiwaca

Balesane

Imam Sulton Nur Sidig SMA Negeri 1 Kalibawang, Kulonprogo

kd

Tma saiki uripe wis sarwa kepenak amarga uripe wis kagolong mulya, sugih, wis ora ngrasakake ngrekasa kaya mbiyen. Ananging, kanthi kahanan iku, Darma saiki nduweni kapribaden kang ora becik kang njalari dheweke ora disenengi karo tangga- teparone.

Saben dinane Darma mung ana ngomah wae ora tau tandang gawe amarga dheweke wis duwe anak buah kang akeh. Pancen, Darma saiki dadi pengusaha material kang kasil, tokone wae ana ing ngendi-ngendi. Omah, mobil, montor, lan sandhangan. Kabeh wis sarwa apik, ora kaya biyen kang uripe kelunta-lunta.

Sakwise Darma dadi wong kepenak, nanging saiki duwe kapri- baden kang ora becik, yaiku senengumuk marang wong-wong, Dhe- weke umuk anggone sugih.

Dina Jumat sore, Darma katon mubeng-mubeng ana desane nganggo montore kang gedhe, yaiku montor Harley Davidson. Ana ing dalan, Darma kepethuk karo tanggane. yaiku Tarjo kang lagi macul, banjur sakloron iku omong-omongan.

“Gek apakowe Tar? Wis sorengene kok ya isih nang kebon Mbok ya leren, lak yo wis mangsane turu?” Darma takon.

“Ah, mboten napa-napa, niki sek dolanan pacul. Kados pundi ta Pak?”

“Ya ora papa, aku mung takon wae. Aku gek mubeng-mubeng karo ndelok kahanane wong cilik kaya kowe kuwi. Kowe ki kok nda- dak nyambut gawe kaya ngono ta Tar? La mbok dadi wong ki sing

48 = Antologi Crata Cekak ee.