Kaca:Murkane Ibu.pdf/58

Kaca iki durung katitiwaca

sugih kaya aku iki, saben sore mung mubeng-mubeng numpak montor. Saben dina mung karo ongkang-ongkang sikil, dhuwit wis mara dhewe!” Darma wis wiwit ngetokake umuke.

“Tumrap kula nggih Pak, urip niku nggih kedah namung nrima Pak, mboten perlu sugih, sing penting urip kula niki sampun ayem, tentrem, lan ten ati seneng” wangsulane Tarjo. Anaing batin Tara omong, “wongiki umuke orajamak-jamak kepriye sisuk tembe mburine? Dhuh Gusti paringana sabar!”

“Yawis Tar, aku arep neruske laku maneh, karo ndelok kaha- nan liyane.” Darma banjur bablas bali neng ngomahe.

Tekan omah, Darma njaluk digawekake teh panas marang bojo- ne.

“Bune! Aku gawekna teh panas kang legi tur kenthel, nek ana ya karo adune!” Darma celuk-celuk marang bojone.

“YaPak, mengko dhisik, dienteni, dakgawekake.” wangsulane bojone. Ora let suwe, bojone metu karo nggawa wedang teg kang legi tur kenthel.

“Njenengan ki saka ngendi ta Pakne? Sore ngene kok gek bali?” Bu Darma takon marang bojone.

“Aku mung saka mubeng-mubeng kok Bu, karo ben tangga- tangga mangerti yen montorku ora ana sing duwe ana desa kene. Kejaba iku aku pengin ndelok kahanane wong-wong cilik kang uripe sarwa kesusahan. Untung awake dhewe iki dadi wong sugih, uripe kepenak, dadi wis ora ngrekasa maneh.”

“Yaajangonota Pakne. Awake dhewe iki sugih ya mung ban- dha titipane Gusti. Awake dhewe dadi wong iku ora mesthi ana ing ndhuwur terus, kala mangsane dhewe sesuk bisa ana ing ngisor, kowe ki aja umuk ngono kuwi” Bu Darma ngelekake bojone supaya ora kebablasen anggone umuk.

“Walah Bu, kowe ki ngerti apa? Haaa? Aku sugih ki merga usahaku uga Bu. Ngendi ana Gusti Allah ngenehi dhuwit iki kanthi ora nganggo usaha Bu?! Apa arep diudani dhuwit? La teneh geger! Kok malah padu. Wis, kene endi wedang tehe aku wis ngelak!”

“Ya.. iki Pakne gek ndang diunjuk, iki adune sisan didhahar!” Bu Darma menehake teh lan adune ana ngarepe Darma.

Tanpa ndonga dhisik Darma langsung nyruput wedang the mau, ora ngewrti yen wedange mau panas banget.

> “Murkane Ibu” ee 49