Kaca:Murkane Ibu.pdf/59

Kaca iki durung katitiwaca

“Aduuuhhh...! Panas tenan ilatku kecanthang! Kowe ki piye ta Bune, gawe teh kok isih panas tenan!” bengoke Darma marang bojone.

“Lha mau njenengan nyuwune sing panas. Ya kuwi salahmu, ngapa ngombe barang panas ora alon-alon!”

“Kowe ki kok ya ana-ana wae ta Bune! Nek panas, ya ora kudu nyanthang ngene kiyi!” Darma rada nesu.

Dina-dina sakteruse, Darma anggone umuk marang kasugih- ane ora ilang-ilang, malah saya ndadi. Ananging, dheweke ugangra- sakake kaya-kaya ana kang ngganjel atine, nanging ora pati digagas. Dheweke ngrasakake ilate saya suwe ora bisa kanggo ngrasakake enake panganan. Satemene, iku balesane saka Gusti Allah amarga kelakuane kang ora becik. Ananging, dheweke uga ora rumangsa salah lan kleru marang saka pratingkahe.

Dina Setu Kliwon, Darma ujug-ujug bengak-bengok nyeluk bojone. Dheweke rumangsa ilate nganeh-anehi.

“Bune.....! Bune.....! Bune.....! Cepetrenea. Tulung delokna ilatku iki, kok ora bisa tak nggo rerasan, ki napa!”

“Ana apa...., coba kene tak deloke!” Bu Darma banjur ndelok lan ngiling-ilingi.

Bu Darma kaget ndelok kahanan ilate bojone kang warnane ireng lan ngganda kang ora sedep.

“Masya Allah...! Ilatmu Pak! Ilatmu, warnane ireng lan am- bune, ambune ora enak blas! Ayo pak ndang diobatke!” Bu Darma keweden tenan.

“Ora usah diobatke, sesuk ya mari dhewe

Suwe-suwe ilate Pak Darma saya mambu. Malem Selasa Kli- won ujug-ujug wae Pak Darma ora bisa omong, Dheweke mung isa mendelik-mendelik wae karo nggoceki gulune. Ilate ngetokake set kang akeh lan gedhe-gedhe. Bu Darma kaget lan nangis.

“Pakne! Istighfar..., istighfar...! Kowe wis diparingi azab saka Gusti Allah Pakne!” Bu Darma mung isa nangis terus.

Banjur tangga teparone padha teka marang omahe Pak Darma amarga krungu suara tangise Bu Darma.

“Wonten napa Bu niki, kok njenengan nangis, Bu?” Tarjo takon marang Bu Darma.

“Iki, ilate Pak Darma, saya ireng, Dheweke ora bisa omong lan mung bisa mendelik wae. Tulunga aku Tar! Ngapuranen dosane bojoku iki, Tar!”

4

50 = Antologi Crata Cekak ee.