Kaca:Murkane Ibu.pdf/60

Kaca iki durung katitiwaca

“Masya Allah! Nggih Bu, kula ngapura yen menika saget mbi- yantu Pak Darma supados mantun!”

Banjur kabeh tangga-teparone sing anaing kono menehi panga- pura lan padha ndedonga muga-muga dosane Pak Darma bisa di- paringi pangapura dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Kabeh nyu- wun muga-muga Pak Darma kaparingan mari lan sadhar marang salahe. Sawise padha ndedonga, ujug-ujug wae Pak Darma bisa mari lan bisa ngomong, Dheweke sabanjure njaluk pangapura marang wong-wong kang wis tau diumuki.

“Tangga-teparoku kabeh. Aku njaluk pangapura marang salah- ku iki. Kok kayane aku iki wis ora ditakdirake urip neng alam donya iki. Bune, aku njaluk pangapura yen aku duwe salah ya Bune. Aku arepturu dhisik.”

Darma turu. Ananging ora turu, turune Pak Darma turu bablas, alias mati. Bu Darma mung bisa nangisi matine bojone. Dheweke ora bisa apa-apa maneh amarga iku wis takdire kang Maha Kuwasa.

Sawise Darma mati, Bu Darma sithik-sithik lekas nyedhekah- ake bandhane. Amarga dheweke ngrasa yen bandhane iku, sate- mene dudu duweke, iku mung titipane Gusti Allah, kang kudu di dum-dumake marang sapa kang mbutuhake.

banu

| Imam Sulton Nur Sidig, lair rikala tanggal 4 Juni 1992, | ing Kulon Progo, siswa SMA Negeri 1 Kalibawang, Ngipikrejo, Banjararum, Kalibawang, Kulon Progo, telepon 08882743989, agamane Islam, mapan ing Seba, Sidoharjo, Samigaluh, Kabupaten Kulonprogo. HP-ne 085295578078 7081227540177, senengane voli.


> “Murkane Ibu” ee 51