Kaca:Murkane Ibu.pdf/61

Kaca iki durung katitiwaca

Malem Selasa Kliwon

Febri Antoro SMA Negeri 1 Lendah, Kulonprogo

kd

WE jam pitu esuk udane deres banget, dibarengi angin pisan. endhung isih kandel ireng ngendhanu ana ing tawang.

Nganti jam enem sore udane uga durung mandheg, Pak Purba sajak katon kuciwa banget merga wis nyepakake barang mateng kanggo nyuguh wong melek mengko bengi. Udane isih deres, kahanan saya mundhak peteng lan sepinyenyet, agawe mrinding ing githok. Swara gumrojoging kali ana mburi omah, kemrosak nggegerisi ati. Pak Purba katon wedi banget, mula banjur nutup lawang lan ora wani nyawang wit randhu sing ana ing kuburan Kobra kang angker.

“Mas, wangune udane sewengi natas, lha mendhunge ketoke isih kandel.”

“Ayake ya ngono, Ned,” wangsulane aras-arasen.

“Yen ngono mengko mesti ora ana wong sing mrene?”

“Mestine, Iha udane isih kaya ngene je, saiki tak rasakake sepine kayangene, gekomahe cilik, ndhelik meneh. Mula kuwi, omah kaya ngeneiki, kowe aja gelem ngenggoni.”

“Sabar dhisik Mas, aja banjur nesu. Coba pikiren nek omah iki yen aku tolak, gantine banjur endi.” Pak Purba uga mangsuli, dhe- weke mung meneng.

Dumadakan kaprungu swaraning manuk bence lan kolik ngganter.

“Setan ki! Isih sore wae wis ana manuk keparat muni.”

“Lha wis unine ngono kepriye maneh Mas, kewan ya padha duwe nyawa lan ya butuh muni ta Mas.” Pak Purba uga sedhih.

“Lagi sepisan iki dheweke ngalami lelakon kang durung nate tinemu salawase urip” ngono grenengane Pak Purba mau.

52 = Antologi Crita Cekak ee