Kaca:Murkane Ibu.pdf/62

Kaca iki durung katitiwaca

“Wedi aku Mas,” karo ngematke neng ngarepe ana wajik lan krasikan le menehi Bu Lurah.

“Ya panganen kono, aku wis wareg,” Joned anggone mangan wis telap-telep ora leren-leren.

“E..., iya-iya. Akulali Dinaiki rak malem Selasa Kliwon ta, Ned.”

“Nek Malem Selasa Kliwon, ana apa ta, Mas?”

“Aku durung gawe sajen.”

“Lha sajen kanggo apa ta Mas?”

“Dhapurmul!Sajen kanggo sing tunggu anaing kali mburi omah kuwi, goblog!” wangsulane Pak Purba setengah nesu.

“Nek ngono, sing cerak kali ki mung awake dhewe ta Mas, “ karo mesem.

“Kayata angin lesus ya Mas?”

“Lambene waton muni, omong karo wongndableg, wisembuh!”

Bubar celathu Mas Purba banjur menyat. Lagi limang jangkah, mak jegagig,. Bali, ora sida amarga mrindhing, Udane malah sansaya deres.

“Udan keparat kok ora terang-terang!”

“E...,Mas aja nesu sikik, saiki jamane mangsa rendheng, dadi- newis wajar nek udan deres.”

“Lambemu, rasah jembar-jembar!”

“Walah rembelane, omah wis bocoriki mengko arep turu ngen- di, Mas?

“Ya turu kene, yen bocor ya dibenakke dhisik.”

Udan uga durung terang, wayahe wis jam sanga bengi. Joned dikongkon karo mas Mas Purba mbenerake gendheng. Si Joned lan g- sung munggah, dheweke ora kuwat banjur si Joned makgentawil, tiba natab bebatur mburi sing cerak kuburan. Dheweke tiba lan mbe- ngok neng kono mau. Mas Purba uga ora mikir dheweke mung nga- dheg njejer kaya reca.

Swarane kaya Joned tiba. Dheweke isih bisa cengengesan. Na- nging, Joned mau kaget, ana barang sing ditamatake. Jebule sing ditamatake mau yaiku roh mayite si Siti. Terus si Joned mau mlayu ra karu-karuan. Dheweke pas mlayu tabrakan karo Mas Purba. Wong loro padha nyekekar kabeh.

“Trembelane! Mripate ora melek” puneme tansah nesu.

“Ajanesu Mas! Coba saiki tamatna bebatur kana kae, apa bener kae wong apa dudu?”

> “Murkane Ibu” ee 53