Kaca:Murkane Ibu.pdf/63

Kaca iki durung katitiwaca

Mas Purba uga namatake bebatur kuwi mau, nalika namatake awake Mas Purba banjur dhredheg santer banget. Kamangka wektu kuwi udane isih durung terang, udane malah tansaya deres, banyu uga uwis kebak lan lampune mati.

“Adhuh malah mati lampu! Semprul! Aku lagi pisan iki Ned nemoni lelakon sing sereme kaya ngene iki.”

Joned uga isih ngrasakke lara, awake uga isih dhredeg wedi. Tangane isih dicekeli kenceng.

Sakploke Joned lara, ana Pak Lurah lan Pak Sura takon karo Joned. Si Joned tansah njawab kanthi bener.

“Dhik Joned, mau kedadeyane piye?” pitakone Pak Lurah.

“Anu Pak, wau kula kalih Mas Purba mbenakke gendheng ingkang sampun mlorot, terus kula mboten kuat, kula terus tiba ing plataran bebatur mburi omah celak kuburan iku Pak?”

“O..., ngono ta kadadeyane.”

”O...,sing bebatur cerak kuburan iku rak angker ta Pak Lurah?” pitakone Pak Sura.

“Lha, saiki tak critani, mbiyen bebatur cerak kuburan kae tepake kanggo nibaSiti, terus dheweke wis ora ketulungan maneh, dheweke mati kanthi raine rusak amarga gejedher saka lan bebatur iku.”

Sakwise ngerti ngono, Pak Sura lan Joned uga Mas Purba mung meneng, Dheweke kaget lan wedi, tansah dheg-dhegan. Banyu uga wis mili ing kali. Kaline wis arepmbludag, Mas Purba lan Joned ketir- ketir, mbrengut lan ngalamun mikirake supaya udane cepet terang,

“Mas, udane kok durung terang-terang ya, Mas?”

“Ho-oh ki rasah padha nyalahake, kahanan kayangene iki uga didadekake pitutur kang apik wae” wangsulane Pak Sura.

Sakwise iku Joned lunga tanpa pamit Digoleki menyang sumur sepi, pawon uga sepi banjur menyang pakebonan uga sepi. Mas Purba uga arep muring maneh, dikira Joned lunga tanpa pamit ninggal dheweke. Terus Mas Purba nerusake mlaku dumadakan banjur ka- prungu sambate Joned njaluk tulung. Mas Purba banjur nilingake swara mau pinangkane saka endi. Bareng ditilingake swarane mau seka perangan kali sing njuleg.

“Cah kurang ajar, dolanan wae ana neng kali, mentas ngoke Mas Purba.

“Tulung...! Tulung...! Aku ditulungi Mas, cepet!”

“Lha kae ki ngapa anaing kali iki?”

“Ya aku tulungi sik, engko uga tak critani.”



mbe-

54 5 Antologi Crata Cekak #e.