Kaca:Murkane Ibu.pdf/64

Kaca iki durung katitiwaca

Nanging kaya ngapa kagete bareng nginguk ana ngisor, weruh Joned temangsang ana lowahan bambing karo mbengok-mbengok njuluk tulung.

Mas Purba bali uga njupuk tambang kanggo nulungi Joned. Wektu kuwi udane ra karuan, angine gedhe kayata arep ana banjir kang gedhe. Tambang iku diuncalake mudhun, sing ndhuwur di- gubetake uwit. Kanthi ngrekasa Joned bisa munggah, ambegane uga menggeh-menggeh ra karuan.

Bejane Joned wis bisa munggah. Dheweke wis kapok ora arep mlaku-mlaku meneh neng kali.

“Mula nek dolan ki sing patut ta Ned?”

“Lha kula niku sampun benere, aja waton nyalahake nek ana kaya ngene iki dirembug sik.”

“Lho sing bener kepriye ta?”

“Ngene lho Mas. Bener kandhamu mau bengi, awake dhewe ki kudulunga seka omah kene. Pancen omah iki nggawe cilakane awake dhewelan kebaksing jenenge setan lan lelembut Saiki aku wisngandel, buktine wis ana, mau bengi aku rak turu karo njenengan ta Mas?”

“Iya bener.”

“Lha ya kuwi, ngerti-ngerti aku wis tangi ana ing barak kana, kanthi ora dingerteni ngalihku. Saiki wis cetha omah iki pancen omah setan, omah sing angker lan gawat temenan. Mula ayo gek padha mlebu omah enggal tata-tata.” Bareng wisrampung banjur enggal- enggal ninggalake omah iki, dikancing rapet. Niyate wong loro arep nemoni Pak Lurah, awit rumangsa digawe dolanan.

Sakwise Joned omong ngono, wong loro kuwi metu saka omah. Lan tanpa disadari omah kuwi mau ngerti-ngerti ilang lan kebak banyu. Uga si Jonedlan mas Purba ora betah urip neng kono. Banjur dheweke nemoni Pak Lurah terus golek omah sing liyane.

banas

Febri Antoro, lairing Bantul, 25 Februari 1991, sekolah J ingsMANegeri 1 Lendah, Jaatirejo, Lendah, Kulon Progo, telepon (0274) 7102507, agamane Islam, omahe ana ing Puron, Trimurti, Srandakan, Bantul, HP-ne 081904500846, kesenengane nulis lan tenis.


> “Murkane Ibu” ee 55