Kaca:Murkane Ibu.pdf/66

Kaca iki durung katitiwaca

Saiki saben dina aku ngampiri Yanti yen arep menyang seko- lah. Omahku lan omahe lumayan cedhak lan sakjurusan tumuju seko- lah. Ing sekolah, aku uga sebangku karo Yanti. Uripku seneng bisa tepung marang Yanti kang menehi semangat lan makna hidup anyar ing awakku.

Dinaiki, tak rasakake Yanti rada aneh. Dheweke kaya ngendha saka aku. Wektu istirahat, takajak jajaning kantin ora gelem. Banjur lunga ora ngomong babar blas. Arep tak tututi, aku ora kepenak, trima takenteni wae ing kelas. Sapa ngerti ora suwe utawa mung are neng kolah. Nangingnganti sawe Yanti ora bali ing kelas nganti bel istirahat entek. Kancaku, Laila, mlayu-mlayu marani aku.

“Na, Yanti Na!” bengok-bengok.

“Yanti? Ngapa Yanti?” pitakonku kanthi ati sajak ora kepenak.

“Yanti saiki ing UKS, mau semaput,” jawabane Laila.

“Apa?” setengah aku ora percaya.

Aku ora preduli Pak Guru wis mlebu kelas, aku banjur mlayu wae banter tumuju ing UKS. Yanti wis kaya mayit urip. Raine pucet banget. Taktunggoni Yanti nganti sadhar. Sawise sadhar, dheweke mung mesem karo aku.

Telung dina yanti ora mlebu sekolah. Dina-dinaku sepi rikala Yanti ora mlebu sekolah.

Aku seneng banget weruh Yanti mlebu sekolah dina iki. Yanti wis balik maneh, kaya biasane nanging dheweke ora gelem ngaku yen sitakoni duwe penyakit apa kok wingi nganti semaput. Jawab- ane mesthi ngawur. Ngakune wingi dhewekke mung ethok-ethok semaput supaya bisa turu. Dikirane aku percaya kamangka sethithik wae aku ora percaya senajan aku ngerti Yanti ora tau ngapusi.

Meneng-meneng aku nyetitekake apa kang sebenere dipendhem Yanti. Nganti seminggu sawise aku ngerti saka ibune Yanti, menawa Yanti lara kanker otak stadium akhir. Yanti ora gelem digawa ing rumah sakitamarga dheweke ngrumangsani yen penyakite iku ora bakal bisa mari. Ngrumangsani uga yen tabungane ibune wis entek kanggo ngobati penyakite. Ibune nganti mrebes mili anggone crita marang aku. Sawise rampung crita, njaluk tulung aku meksa Yanti supaya gelem melu kemoterapi. Sanajan wis ora ana pangarep-arep bisa mari. Nanging saora-orane wis ngupaya.

Entek-entekane, Yanti gelem nglakoni terapi sawise tak peksa karo ibune. Anggonku menehi semangat Yanti ora entek-entek.

> “Murkane Ibu” ee 57