Kaca:Murkane Ibu.pdf/67

Kaca iki durung katitiwaca

Nganti aku melu potong buthak amarga Yanti ya buthak, merga kemo- terapi mau. Mung cara kuwi kang takbisani kanggo nyemangati Yanti, lha kepriye maneh, yen arep biyantu biaya pengobatane, aku ora sanggup amarga aku wong mlarat.

Awake dhewe mung bisa ngupaya nanging Ingkang Kuwasa kang nemtokake. Yanti banjur koma limang sasi nganti entek-en- tekane ditimbali Sang Khalig.

Yanti, saumpama Kang Maha Kuwasa ngijinake awake dhewe tetep bisa ngukir endahing kekancan kang sejati, mbokmenawa ati iki ora bakal susah. Awakmu kang ngajarake ngelmu urip kang mipu- nani banget kanggo aku. Sanajan saiki awakmu ora bisa ngancani aku maneh ing alam donya, nanging aku ora bakal nglalekake awak- mu.... Nganti pati nekani aku, aku ora bakal lali lan aku kepingin bisa ketemu marang sliramu.

38

Kuswandari, SMAN 1 Galur, Kulon Progo

58 = Antologi Crata Cekak ee.