Kaca:Murkane Ibu.pdf/69

Kaca iki durung katitiwaca

tresna banget marang dheweke. Mas Tono uga tresna marang aku, wis nglamar maneh, marang Bapakku. Sakwise Mas Tono pamit menyang Sumatra, kandhane arep tilik Pak Dhe, lan arep golek ragat kanggorabi mengko. Wismeh setaun lungane MasTono ora analayang lan kabar kang ngandhakake kahanane Mas Tono. Aku mung tansah ngenteni kanthi sabar lan sabar.

Kelingan telung sasi kepungkur, aku arep dilamar Mas Joko, tanggaku sing pancen ora kurang apa-apa. Wis bagus, apik, wong duwe maneh. Nanging, kanthi ati kang abot aku nolak, tresnaku mung kanggo Mas Tono, lan janjine marang aku.

Wayahe wis katon peteng, aku bali menyang ngomah ngenteni dina sesuk. Mung ngono iki lakuku. Esuk sak durunge ana wong tangi aku wis mlayu menyang pelabuhan kanthi gedhene pangarep- arep. Mbok menawa ana kabar utawa baline Mas Tono. Yen wis sore aku bali kanthi ronto ging pangarep-arepku. Saben dina mang- kono kuwi lakuku, nganti bocah-bocah ana pelabuhan nyeluk aku “Nyai Tunggu.”

Iki dina Minggu, aku kawanen menyang pelabuhan, lagi wae arep mbukak lawang, ana tamu.

“Oh ..., Pak Dhukuh, mangga Pak! Wonten menapa Pak?”

“Ngene lho Ndhuk, ana layang saka Sumatra ....” durung rampung anggone Pak Dhukuh ngendika, layang iku langsung tak jaluk, tak gawa ana ing kamar, aku bungah banget, iki layang saka Mas Tono, genea Mas Tonoisih eling karo aku. Layang langsung tak bukak. Tak waca ngati-ati.

“Kanggo Adhiku Nuri,

Dhik, aku Mbak Lastri, kabarku apik-apik wae! La piye kabar ing kono? Bapak-Simbok waras to? Aku kangen ....”

Aku gela banget, nanging tetep tak terusake anggonku maca.

“Mbak Lastri arep bali menyang Semarang, Dhik, saiki aku wis duwe calon bojo jenenge Mas Adit saka Bandung, Entenana tekaku sesuk Senin”.

Aku dadi bungah krungu kandhane Mbak Lastri, isine pancen singkat. Aku matur marang bapak lan simbok.

MbakLastri wis telung taun kerja ana Sumatra. Gajine lumayan kanggo nutupi kabutuhane kulawarga. Mbak Lastri iku sing golek pangan sawise bapakku lara stroke amarga darah tinggi. Mbak Lastri bali menyang Semarang menawa dina riyaya lan menawa


60 = Antologi Crata Cekak ee.