Kaca:Murkane Ibu.pdf/70

Kaca iki durung katitiwaca

wis kangen marang bapak lan simbok. Aku matur nuwun banget karo Mbak Lastri, lantaran bisa ngrampungake SMA-ku, lantaran dibiyayani Mbak Lastri. Sesuk mbak ayu sing tak tresnani bakal bali karo calon bojone meneh.

Kanggo ngenteni tekane Mbak Lastri lan calon bojone, wong tuwaku nganakake syukuran, tangga teparo padha diaturi rawuh.

Wusana sing ditunggu-tunggu teka. Mabak Lastri lan .... Lha, sapa ta iku, calone, pa?

Tak ulurake tanganku marang calon bojone Mbak Lastri, aku ngenteni anggone dheweke nyebut jenenge.

“Adit, aku calon bojone ....” ora ngantek rampung anggone dheweke omong,

“Apa wis lali marang aku?” kandhaku ing atiku.

“Lho kenapa ta Dhik?” Apa ora seneng karo calon bojoku ...?” kandhane Mbak Lastri sedih, lantaran weruh aku matung. Sakwetara aku ora bisa jawab.

“O0... ora ngono, Mbak, aku seneng, mathuk marang calon bojo- mu, sapa ta mau jenenge, Mas Tono?” anggonku takon tak lirihake.

“Mas Adit. A...d.. .i...t....” Mbak Lastri ngeja kanthi cetha.

Aku ora isa ngomong apa-apa maneh, atiku lebur dadi awu. Akungadeg kaya cagak listrik. Kaya wong keblebeging banyu. Bapak lans wis lali rupane Mas Tono. Mas Adit saiki beda, gondrong lan kumisen. Nanging aku ora bakal lali rupane Mas Tono. Mas Tono, yaiku Mas Adit kang dadi calone Mbak Lastri. Kanthi bungahing Mbak Lastri tak ikhlasake Mas Tono lan tresnaku keli ana segara, ilang ora bakal bali. Kang ana saiki Mas Adit utawa Mas Tono iku calon kakang ipeku. Aku trima ngalah.

Kek

Anis Saritri, lair rikala tanggal 14 April 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Gegeri 1 Galaur, Tirtorahayu, Galur, Kulon Progo, agamane Islam, omahe Bapanagan, Karangsewu, Galur, Kulon Progo, kesenengane maca.

> “Murkane Ibu” ee 61