Kaca:Murkane Ibu.pdf/71

Kaca iki durung katitiwaca

Motor Nggegirisi

Jafiningrum SMA Negeri 1 Girimulyo, Kulonprogo

kd

[: jaman saiki alat-alat wis padha canggih. Alat-alat iku bisa di gunakake kanggo kabutuhan padinan. Nanging, ana ing wektu iki alat-alatiku pungkasane nuwuhake wutahing getih. Bisa gawe nggegirisi marang sapa wae. Mula, sajroning nindakake pakaryan kudu tansah setiti lan ngati-ati.

Alatalat wis padha canggih amarga piyayine uga wis akeh sing pinter. Gawe montor wae bisa mabur ing awang-awang, Mesthi waeubarampe kanggo gawe migunakake alat-alat kang pinilih. Ora mokal maneh menawa jaman biyen wis ana montor mabur kanggo peperangan. Montor mabur kuwi ing jaman biyen mung kanggo para pejabat lan piyayi-piyayi manca negara.

Kita, dadi warga Indonesia kudu duweni rasa seneng amarga bangsa mndonesia ana sing bisa gawe montor mabur, yaiku Pak Habi- bie, kang bisa kanggo mbantu kabutuhan padinan.

Saben isuk sadurunge menyang sekolah Satiti lan Satata sara- panluwih dhisik.

“E... ngomong-ngomong, isuk-isuk ngene, adate Simbah Brin- dhil yen lagi sarapan tindak panggonanku mesthi nganggo rengeng- tengeng.” Ngono ujare Satiti.

Ora suwe, sawise Satiti rampung anggone omongan, banjur krungu ngendikane Simbah Brindhil.

“Durung menyang sekolah Nduk, Le?” pitakone Mbah Brindhil.

“Dereng Mbah, sekedhap malih. Mangga dhahar rumiyin Mbah. Kula kalih adhik ajeng sekolah.” wangsulani Satiti.


62 > Antologi Crita Cekak ee