Kaca:Murkane Ibu.pdf/73

Kaca iki durung katitiwaca

air kuwi mau, ana montor mabur mlebu jurang, Ana maneh montor mabur wis tekan omahe utawa panggonane mudhun, rodhane ge- gejlik dalan, lan liya-liyane.” Mbah Brindhil njlentrehake nan kada- deyan montor mabur sing alangan.

“Niku sanes air-air Mbah, namine montor mabur Adam Ar.” Satiti nerangake marang Mbah Brindhil.

“Lha iya. Nanging rak ya nggegirisi jenenge.” wangsulane.

“Punapa malih kahanane montormabur anggene alangan dados- aken kathah sing nandang sedhih, amargi kathah ingkang kecalan salah satunggaling keluwarganipun ugi kathah ingkang nandhang kacilakan.” Sambunge Satiti.

“Kok ana maneh montor Cules, maburngenani gendheng omahe sadulur Magetan, sadurunge montor tiba banjur kobong.”

“Niku namine Hercules, Mbah. Miturut ngendikane bapak sing omahe kasamber montor mabur niku, saderengipun montor mabur dhawah sampun wonten swanten gembludhug. Kang dados ten gara kados ingkang sampun kedadosan wingi, nggih menika montor mabur Hercules dhawah ingkang ngangkut tiyang kathah. Ingkang ndadosaken korban ingkang kathah ugi.” Ngono Satiti nerangake marang Mbah Brindhil.

Sing dikarepake Simbah Brindhil, anggone nglakokake montor- montor kuwi padha sing ngati-ati. Aja lali sadurunge nindakake ayahane nagara apike luwih dhisik diteliti ubarampene, dadi ora nguciwani ora was lan sumelang,

Montor mabur mono, ing awang-awang ora akeh montor- mon- torsing padha pating sliwer. Mung mligi, ananging sing kudu luwih waspada yaiku anggone nglakokake montoring awang-awang tan- sah ngati-ati, ora lali dongane, amrih slamet anggone makarya.

“Mula ana lelagone Satiti, rungokna!” ngendikane Simbah Brin- dhil.

“Inggih Mbah, kula mirengke.” wangsulane Satiti.

Del, ndedel kae muluk

Wah layangane warna- warna Wah aku gumun

Kaya kupu lan satelit

Prabu Karna polah kinjeng

64 = Antologi Crata Cekak ee.