Kaca:Murkane Ibu.pdf/74

Kaca iki durung katitiwaca

Kae montore mabur Jejer jaran sembrani

Del, ndedel kae muluk

Wah layangane warna -warna Bareng wae dimen awet

Ora pedhot benange

“Lelagon niku tegese punapa, Mbah?” pitakone Satiti.

“Kurang luwihe ngene ya, Ti.”

Simbah Brindhil miwiti ngendika.

“Menawa del ndedel kae muluk tegese munggah sithik mbaka sithik mumbul padha wae montor mabur sing arep mangkat munggah. Wah layangane warna- warna yaiku wujude layangan sing lagi diundha anaing awang-awang warna -warna. Wahaku gumun tegese aku gu- mun marang layangan sing warna-warna bisa diundha ana ing awang- awang. Mula montor wae bisa mabur.”

“Menawi kados kupu lan satelit punika punapa, Mbah?” Satiti nyelani takon.

“Kaya kupu lan satelit iku kaya kupu singlagi padha mabur ing awang-awang, menawa satelit ing wayah wengi bisa madhangi jagad”

“Mbah menawi Prabu Karna polah kinjeng niku punapa tegese?” pitakone Satiti.

“Prabu Karna polah kinjeng kuwi diumpamakake sopir montor mabur anggone polah, nyetir kanthi ngati-ati. Kae montore mabur yaiku montor sing mabur kang lagi nindakake ayahane saka nagara siji lan sijine. Jejer jaran sembrani tegese amarga montor bisa mabur dhu- wur ing awang-awang. Wah layangane warna-warna iku layangane warna-warna wujude.”

“Lajeng, menawi lagon ingkang bareng wae dimen awet, tegese punapa, Mbah?”

“Bareng wae dimen awet tegese ngati-ati wae lan waspada kare- ben awet.

Ora pedhot benange iku kareben ora ana kadadean sing ora dika- repake. Iku kurang luwihe ngono kuwi, tegese lalagon mau.” ngen- dikane Simbah Brindhil.

Satiti anggone ngrungokake nganti mlongo.

> “Murkane Ibu” ee 65