Kaca:Murkane Ibu.pdf/75

Kaca iki durung katitiwaca

“Mbah, kula nyuwun pirsa malih. Simbah kok saget rumiyin sekolahe inggil nggih, Mbah? “ pitakone Satiti.

“Ah, kowe kuwi kok ngguyokake anggonmu takon.” Simbah Brindhil namung gemujeng kemawon.

Sabanjure Simbah Brindhil ngendika “Montor-montor kuwi mlaku ana ing ratan utawa dalan -dalan. Kuwi montor kok bisa mabur. E...,iya saiki jaman wis canggih katurutan padha pinter. Nanging arepa jaman wis canggih uga kudu sing ngati-ati anggone padha nindakake ayahan.”

“Punika pancen leres, Mbah.” Satiti nyarujuki.

Amarga wektu wis sore lan beritane uga wis rampung, Simbah Brindhil banjur kundur.

kan

Jatiningrum, lair ing Kulon Progo, 17 Desember 1991,

sekolah ing SMA Negegri 1 Girimulyo, Giripurwo,

Girimulyo, Kulon Progo, telepon sekolah (0274)

749 7440agamane Islam, omahe ana Karanggede,

Jatimulyo, Girimulyo, Kulon Progo, HP-ne 087838272034, || senengane maca buku.

66 = Antologi Crata Cekak ee.