Kaca:Murkane Ibu.pdf/76

Kaca iki durung katitiwaca

Klambi Anyar

Dwika Ningrum SMA Negeri 1 Sentolo, Kulonprogo

kd

wan kuwi, aku babar pisan ora duwe pikiran yen bakal nemahi

akara kang ngisin-isinake. Bubaran sekolah aku banjur me-

nyang ing Jogja arep nonton pameran fotografi. Sakwise metu saka Ramai tuku klambi ulatku isih tansah njaprut. Atine sedih!

Jan-jane yen wong nembe wae tuku klambi lak ya atine seneng, lan ya ana sing saking senenge nganti njingkrak-njingkrak polah ora karuwan lan ya ana uga sing pengin saben dina nganggo klambi anyar kuwi. Nganti wegah ganti klambi, dikumbah eman banget.

Ewa semana, atiku tetep ora bisa sumringah sakwise aku tuku klambi kuwi, banjur langsung tak enggo.

Amarga bapakku pirsa polatanku kang njabrut kaya mangkono kuwi, banjur bapakku ndangu aku

“Ana apatandhuk? Tak sawang-sawang ket mau kok raimu isih peteng, ora bisa mesem ing sakiwa tengene wong kang padha pating sliti?”

“Boten wonten menapa-menapa Pak.” wangsulane Asih marang bapakke (isih ndhingkluk amarga isin yen bapakke mirsani anggone Asih njabrut).

“Ora ndhuk, jane apa, matura marang Bapak.”

“Mekaten Pak, menapa nggih wangun yen kula ngangge klambi enggal menika. Ananging ngandhapipun kok rok seragam sekolah?”

“Lho, ya wangun waeno, wernane ya wis serasingono. Kena apa kok awakmu tansah nggrundel nganggo klambi kuwi?”

“Boten PD kemawon Pak, sakjane kok kirang mecing.”

> “Murkane Ibu” ee 67